Serat Darmagandhul (jawa)
Darmagandhul (jawa)
Carita adege nagara Islam ing Demak bedhahe nagara
Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin
agama Islam.
* * *
Gancaran basa Jawa ngoko;
Babon asli tinggalane KRT Tandhanagara, Surakarta;
Cap-capan ingkang kaping sekawan, 1959;
Toko Buku “Sadu-Budi” Sala.
* * *
BEBUKA
Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangiketira, kiyai Kalamwadine, ing
nguni anggeguru, puruhita mring Raden Budi, mangesthi amiluta, duta rehing
guru, sru sêtya nglampahi dhawah, panggusthine tan mamang ing lair batin,
pinindha lir Jawata.
Satuduhe Raden Budi ening, pan ingembun pinusthi ing cipta,
sumungkem lair batine, tan etung lebur luluh, pangesthine ing awal akhir,
tinarimeng Bathara, sasedyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma, sinung
ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya.
Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susetya,
mring dhawuh weling gurune, kedah medharken kawruh, karya suka pireneng jalmi,
mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi ngarang, sinung
aran srat Darmagandhul jinilid, sinung tembang macapat.
Pan katemben amaos kinteki, tembang raras rum seya prasaja,
trewaca wijang raose, mring tyas gung kumacelu, yun darbeya miwah nimpeni,
pinirit tinuladha, lelepiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinedhak
tinurun sungging, kinarya nglipur manah.
Pan sinambi-sambi jagi panti, saselanira ngupaya tedha,
kinarya cagak lenggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarem-aremi,
tarimanireng badan, anganggur ngethekur, ngebun-bun pasihaning Hyang,
suprandene tan kaliren wayah siwi, sagotra minulyarja.
Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang
karseng Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri
Tumpak manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nem ringkêlnya
Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata [taun Jawa
1830].
DARMAGANDHUL
Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene “Mau-maune
kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama
Islam?”
Wangsulane Ki Kalamwadi: “Aku dhewe iya ora pati ngrêti,
nanging aku tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna dipracaya,
nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama
Rasul”.
Ature Darmagandhul: “Banjur kapriye dongengane?”
Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: “Bab iki satêmêne iya
prêlu dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben ngrêti”.
Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara
Majalêngka, dene ênggone jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging
kang durung ngrêti dêdongengane iya Majapahit iku jênêng sakawit. (1)
Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk
Prabu Brawijaya.
Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang
Prabu krama oleh Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane Islam,
sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe
agama Islam, sabên marak, ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake
agama Islam, nganti njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam
mau.
Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran
Sayid Rakhmat tinjo mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata,
kaparênga anggêlarake sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya marêngake apa kang
dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana
Ngampeldênta ing (3) anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama
saka sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana iku padhamarêk sang
Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing pasisir. Panyuwunan mangkono
mau uga diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe pangidhêp mangkono mau saya
ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt kang padha agama Islam.
Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama
Islam kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku
maulana saka ing ‘Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu’llah, mula bisa dadi gurune
wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong
Jawa ing pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur
ngrasuk agama Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên, wonge
uga padha kelu rêmbuge Sayid Kramat.
Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip
nganti sewu taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate
Hyang Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa apa-apa, bisane mung
sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.
Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka
Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi têtêngêr Raden
Patah.
Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti
sadhereke seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane Majalêngka Sang
Prabu kewran panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan marang putrane, awit yen
miturut lêluri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen nglêluri lêluhur
kuna, putraning Nata kang pambabare ana ing gunung, sêsêbutane Bambang. Yen
miturut ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong ‘Arab sêsêbutane Sayid utawa
Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti
têtimbangan ênggone arêp maringi sêsêbutan ingkang putra mau. Saka ature Patih,
yen miturut lêluhur kuna putrane Sang Prabu mau disêbut Bambang, nanging
sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disêbut Babah, têgêse pambabare ana nagara
liya. Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang
Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing
Palembang iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah Patah. Katêlah nganti tumêka
saprene, yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane Babah. Ing nalika samana, Babah
Patah wêdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya sênêng,
sênênge mau amung kanggo samudana bae, mungguh satêmêne ora sênêng bangêt
ênggone diparingi sêsêbutan Babah iku.
Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing
Dêmak, madanani para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta Babah Patah
dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr wayahe kiyai Agêng Ngampel.
Barêng wis sawatara masa, banjur boyong marang Dêmak, ana ing desa Bintara,
sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing
Dêmak didhawuhi nglêstarekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku
jinunjung dadi Adipati ana ing Têrung (5), pinaringan nama sarta sêsêbutan
Raden Arya Pêcattandha.
Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha
nyuwun pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse budi, uwite
kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen wohe budi ngrêti marang kaelingan
bêcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin.
Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha
duwe karêp kang cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah sare. sang Prabu
Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake Buddha, kok nganggo sêsêbutan
Sunan, lakune isih padha cêgah mangan, cêgah turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah
mangan turu, mung nuruti rasaning lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu
Brawijaya uga banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar. Ing wêktu
iku ana nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana netra karna sarta lesan,
wêtune saka engêtan, jroning utêk iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca
lan kang krungu nganggêp têmên lan ora, iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki
isih ana wujuding patilasane, isih kêna dinyatakake, mula saka pangiraku iya
nyata.
Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang
Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku ing
tanah Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang
sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali banjur niti-niti
agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing
kono agamane Kalang, sarak Buddha mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi
bribik-bribik, wong ing kono akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung
Bandawasa. Bandung dianggêp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha
bêbarêngan mangan enak, padha sênêng-sênêng ana ing omah. Sunan Benang
ngandika: “Yen ngono wong kene kabeh padha agama Gêdhah, Gêdhah iku ora irêng ora
putih, tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah”.
Ki Bandar matur: “Dhawuh pangandika panjênêngan, kula
ingkang nêkseni”. Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha Gêdhah,
nganti têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang mangkono mau arang kang
padha ngrêti mula-bukane.
Sunan Benang ngandika marang sakabate: “Kowe goleka banyu
imbon mênyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk, yen diombe
nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur, aku arêp wudhu, arêp salat”.
Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu,
têkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana
mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing wêktu iku lagi nênun.
Sakabat têka sarta alon calathune: “mBok Nganten, kula nêdha toya imbon bêning
rêsik”. mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barêng noleh wêruh lanang
sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong lanang arêp
njêjawat, mêjanani marang dheweke, mula ênggone mangsuli nganggo têmbung saru: “nDika
mêntas liwat kali têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botên entên
carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning, yen sampeyan
ajêng ngombe”.
Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit
lakune dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane Sunan Benang
banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu. Sunan Benang mirêng ature
sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu pangandikane nyupatani, ing panggonan
kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane
aja rabi yen durung dadi jaka tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing
sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe nyimpang nrabas
desa alas sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang
ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline gêdhe sanalika dadi
asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah iku larang banyu, jaka lan prawane iya
nganti kasep ênggone omah-omah. Sunan Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.
Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku
dhêmit ing sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen ana
wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para lêlêmbut, ngêndêl-êndêlake
kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur
salin dalan kang dudu mêsthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta patêgalan,
kang padha rusak, iya iku saka panggawene Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong
ing kono, lanang wadon ngantiya kasep ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang
banyu sarta diêlih jênênge tanah aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne salah
gawe. Anak putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma nêluh
sarta ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati, dadi ora tansah ganggu
gawe. Nyai Plêncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat
mêthukake lakune Sunan Benang, nanging dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki
Sunan Benang, amarga rasane awake padha panas bangêt kaya diobong.
Dhêmit-dhêmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri, satêkane ing Kadhiri,
matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale. (6)
Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung Wilis. Buta
Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jênênge kiyai Daha, duwe adhi jênênge kiyai
Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri, barêng Sri Jayabaya rawuh,
jênênge kiyai Daha dipundhut kanggo jênênge nagara, dheweke diparingi Buta
Locaya, sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.
Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya
têgêse: kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên mantêp sêtya
ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana sêbutan kiyai, iya iku kiyai
daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse: ngayahi anak putune sarta wong-wong ing
kanan keringe.
Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing
kono Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt marang
kiyai Daka, jênênge kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng desa, dene kiyai Daka
banjur diparingi jênêng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi senapatining pêrang.
Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni
Mas Ratu Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni
Mas Ratu Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul
sarta jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe lêlêmbut kang ana ing lautan
dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu
Anginangin.
Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai
Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar, yen lahar mêtu
supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.
Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi
kêncana kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring mêrak,
diadhêp patihe aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro uga padha ngadhêp,
kang tuwa arane Panji Sêktidiguna, kang anom aran panji Sarilaut.
Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget
kasaru têkane Nyai Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake tanah lor
Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban kang sumêdya
lêlana mênyang Kadhiri, arane Sunan Benang. Nyai Plêncing ngaturake susahe para
lêlêmbut sarta para manusa.
Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt
dukane, sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta
para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para lêlêmbut mau
padha sikêp gêgaman pêrang, sarta lakune barêng karo angin, ora antara suwe
lêlêmbut wis têkan ing saêloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud
manusa aran kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha
ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan sangisoring wit
sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka êlor.
Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang
wis ora kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku ratuning
dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene lêlêmbut
kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan
Benang. Mangkono uga Sunan Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai Sumbre,
amarga kaya dene cêdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga.
Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên,
amarga kêna daya prabawane kiyai Sumbre.
Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: “Buta Locaya! kowe
kok mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha slamêt?”.
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge
dheweke, dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang Sunan
Benang: “Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula punika Buta
Locaya?”.
Sunan Benang ngandika: “Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen
kowe ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.”.
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: “Paduka punika
tiyang punapa, dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi. Kados
wangun walang kadung?”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Aku bangsa ‘Arab, jênêngku
Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi sêdyaku
arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku
prênahe ana ing ngêndi?”.
Buta Locaya banjur matur: “Wetan punika wastanipun dhusun
Mênang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun
inggih sampun botên wontên, kraton utawi patamanan Bagendhawati ingkang kagungan
Ni Mas Ratu Pagêdhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun
sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir
sarta lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe pitaken, paduka gêndhak sikara
dhatêng anak putu Adam, nyabdakakên ingkang botên patut, prawan tuwa jaka tuwa,
sarta ngêlih nami Kutha Gêdhah, ngêlih lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki
awis toya, punika namanipun siya-siya botên surup, sikara tanpa dosa, saiba
susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun lungse, lajêng botên gampil pêncaripun
titahing Latawalhujwa, makatên wau saking sabda paduka, sêpintên susahipun
tiyang ingkang sami kêbênan, lepen Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang
dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami risak, ngriki paduka-sotakên,
sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara botên surup, nyikara tanpa
prakara”.
Sunan Benang ngandika: “Mula ing kene tak-êlih jênêng Kutha
Gêdhah, amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe agama biru, sabab
agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu ora oleh, mula
kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh tak sotake larang banyu, dene ênggonku
ngêsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku,
prawan baleg.”.
Buta Locaya matur maneh: “Punika namanipun botên timbang
kaliyan sot panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang satunggal
ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangêt, botên timbang
kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damêl mlaratipun tiyang kathah, saupami
konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung
awrat, amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika mugi panjênêngan-sotakên
wangsulipun malih, ing ngriki sagêda mirah toya malih, sagêd dados asil
panggêsangan laki rabi taksih alit lajêng mêncarakên titahipun Hyang Manon.
Panjênêngan sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang
dahwen”.
Sunan Benang ngandika: “Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka
aku ora wêdi”.
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu
Majalêngka banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: “Rêmbag paduka niki dede
rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang entên ing bambon, ngêndêlake
dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi,
sugih sanak malaekat, lajêng tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya
dahwen sikara botên ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên
ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih
sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi yen ngantos siya dhatêng sêsami nyikara
tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil.
Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat saking tanah
Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang saurutipun dipunbêkta minggat sadaya, Aji Saka
tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking ‘Arab, mila sami siya-siya dhatêng
sêsami, sami damêl awising toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi
luhur, damêl wilujêng dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên,
wujud paduka niki jajil bêlis katingal, botên tahan digodha lare, lajêng mubal
nêpsune gêlis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi
simpên budi luhur. Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka
cilaka, tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados,
lajêng paduka-ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah wedang ingkang umob
mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut, sanes alam kaliyan manusa,
ewadene kula taksih engêt dhatêng wilujêngipun manusa. Inggih sampun ta,
sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulakên malih, lepen ingkang asat
lan panggenan ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulakên kados
sawaunipun, manawi panjênêngan botên karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi
ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun
bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontên samodra
kidul”.
Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos
lupute, dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula
banjur ngandika: “Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna mbaleni caturku
kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya
mau-maune”.
Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur
nêpsu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: “Kêdah paduka- wangsulna sapunika,
yen botên sagêd, paduka kula-banda”.
Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: “Wis kowe ora kêna
mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jênêngake cacil, dene
kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan wong pêcicilan rêbut bênêr ngadu
kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang
Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa
lêngane, asêm dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa, lênga
têgêse dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen aku padu karo
kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor jênênge desa Singkal, ing
kene desa ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing kidul iku jênênge
desa Kawanguran”.
Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang
wetan kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana desa aran
Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse kawruhan, Singkal têgêse
sêngkêl banjur nêmu akal.
Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang
tindake têkan ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca jaran,
rêca mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit trênggulun,
wohe trênggulun mau akeh bangêt kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang
ngasta kudhi, rêca jaran êndhase digêmpal.
Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal
êndhasing rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse: “Punika
yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi,
benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang sumêrêp rêca punika, lajêng sami
mangrêtos tekadipun para wanita Jawi”.
Sunan Benang ngandika: “Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu
karo manusa, jênênge dhêmit kêmênthus”.
Buta Locaya mangsuli: “Inggih kaot punapa, ngriku Sunan,
kula Ratu”.
Sunan Benang ngandika: “Woh trênggulun iki tak-jênêngake
kênthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo dhêmit
kumênthus, prakara rusaking rêca”.
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene, woh
trênggulun jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden
Budi Sukardi, guruku”.
Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar,
kêrsane arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane,
sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagêd mundhut banyu
kagêm wudhu banjur salat.
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene sumur mau
karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi
guruku, êmbuh bênêr lupute”.
Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane
desa Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana sangisoring wit
dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange, sarta akeh kang tiba
kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang mbêranang, saka akehe kêmbange
kang tiba, Sunan Benang priksa rêca mau gumun bangêt, dene ana madhêp mangulon,
dhuwure ana 16 kaki, ubênge bangkekane 10 kaki, saupama diêlih saka panggonane,
yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune
têngên rêca mau disêmpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak.
Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke
nêpsu maneh, calathune: “Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta bêcik-bêcik
dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika yasanipun Sang
Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan ngrisak rêca?”
Pangandikane Sunan Benang: “Mulane rêca iki tak-rusak,
supaya aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen
wong muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar.”
Buta Locaya calathu maneh: “Wong Jawa rak sampun ngrêtos,
yen punika rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang
Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para
lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng, amargi siti utawi
kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun manusa, mila para lêlêmbut sami
dipunsukani panggenan wontên ing rêca, panjênêngan-tundhung dhatêng pundi?
Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca, sarta nêdha
ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung
sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca wêtah ing panggenan ingkang sêpi
edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang agêng, sampun sami ngraos yen
alamipun dhêmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen wontên ing rêca têka
panjênêngan-sikara, dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak sikara
siya-siya dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa
ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul tiyang bangsa
‘Arab sami sojah Ka’batu’llah, wujude nggih tugu sela, punika inggih langkung
sasar”.
Pangandikane Sunan Benang: Ka’batu’llah iku kang jasa
Kangjêng Nabi Ibrahim, ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong
akeh, sing sapa sujud marang Ka’batu’llah, Gusti Allah paring pangapura lupute
kabeh salawase urip ana ing ‘alam pangumbaran”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Tandhane napa yen angsal
sihe Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun angsal
saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?
Sunan Benang ngandika maneh: “Kang kasêbut ing kitabku,
besuk yen mati oleh kamulyan”.
Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: “Pêjah malih yen sumêrêpa,
kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah tugu
sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut kathah sela
agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika
wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah
sumêrêp ing Batu’llahipun, badanipun manusa punika Baitu’llah ingkang sayêktos,
sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên
sumêrêp asalipun badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang
kenging kangge tuladha. Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun
raga pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan Nabi,
Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu
nyata pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun têrus, sumêrêp
cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rêca punika Prabu
Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih
pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan,
paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking lêluhuripun.
sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun
piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi
kabar ‘Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos,
anggêga ujaripun tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk,
nyade mulyaning nagari Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis
toya, tanêm-tanêm tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi
tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah
tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang
duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan
mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang
dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu, madya luwês
wicaranipun. Rêmbag panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki
ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat
panjênêngan jotos. Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar,
kirang nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha
Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd
ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki,
manawi botên purun kesah sapunika, badhe kula undhangakên adhi kula ingkang
wontên ing rêdi Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula
bêkta mlêbêt dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe
susah, punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng
Selabale, dados murid kula!”.
Sunan Benang ngandika: “Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan
brêkasakan”.
Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit
raja, mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados kula, tekad
panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan dhatêng tanah Jawi,
wontên ing ‘Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen panjênêngan mulya tamtu botên
kesah saking ‘Arab, mila minggat, saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki
taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damêl risak barang sae,
ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu”.
Sunan Benang ngandika: “Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake
celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung rêmbag, dadiya
pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah nalar”.
Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge
kledhung, kêmbange aran celung.
Sunan Benang banjur pamitan: “Wis aku arêp mulih mênyang
Benang”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Inggih sampun, panjênêngan
enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi kadangon wontên
ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi bênter, nyudakakên
toya”.
Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane
uga banjur mulih. Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju sawijining
dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp Patih sarta para wadya bala,
Patih matur, yen mêntas nampani layang saka Tumênggung ing Kêrtasana, dene
surasane layang ngaturi uninga yen nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka
Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene:
“Wontên ler-kilen Kadhiri, pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun
makatên wau, saking kenging sabdanipun ngulama saking ‘Arab, namanipun Sunan
Benang.
Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur
diutus mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta
asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang.
Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake
kahanane kabeh, dene duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur yen ora
oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.
Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring
pangandika yen ngulama saka ‘Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur
dhawuh marang Patih, wong ‘Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga,
amarga gawe ribêding nagara, mung ing Dêmak lang Ngampelgadhing kang kêparêng
ana ing tanah Jawa, nglêstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake
mênyang asale, dene yen padha ora gêlêm lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature
Patih: “Gusti! lêrês dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun
tigang taun botên sowan utawi botên ngaturakên bulubêkti, mênggah sêdyanipun
badhe rêraton piyambak, botên ngrumaosi nêdha ngombe wontên tanah Jawi, dene
namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka, pêparabipun Sunan ‘Aênalyakin,
punika nama ing têmbung ‘Arab, mênggah têgêsipun Sunan punika budi, têgêsipun
Aenal punika ma’rifat, têgêsipun Yakin punika wikan, sumêrêp piyambak, dados
nama tingal ingkang têrus, suraosipun ing têmbung Jawi nama Prabu Satmata,
punika asma luhur ingkang makatên punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha
Kuwasa, mariksa botên kasamaran, ing alam donya botên wontên kalih ingkang asma
Sang Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing
nagari Mêdhang-Kasapta. Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh
nglurugi pêrang mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug
mênyang Giri. Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur campuh pêrang. Wong
ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri
mlayu mênyang Benang, golek kêkuwatan, sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh
mungsuh wong Majalêngka, pêrange rame bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh
saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama
Islam, dene kang kidul isih têtêp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis
ngrumasani kaluputane, ênggone ora sowan mênyang Majalêngka, mula banjur lunga
karo Sunan Giri mênyang Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur ngêbang marang
Adipati Dêmak, diajak nglurug mênyang Majalêngka, pangandikane Sunan Benang
marang Adipati Dêmak: “Wêruha yen saiki wis têkan masa rusake Kraton
Majalêngka, umure wis satus têlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu
tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rêmbugku rusakên Kraton
Majalêngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngêtarani, sowana besuk
Garêbêg Mulud, nanging rumantiya sikêping pêrang: 1. gaweya samudana, 2.
dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna
ana ing Dêmak, yen kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para
Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mêsthi nurut
marang kowe”.
Ature Adipati Dêmak: “Kula ajrih ngrisak Nagari Majalêngka,
amêngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damêl sae paring kamukten ing dunya,
lajêng punapa ingkang kula-walêsakên, kajawi namung sêtya tuhu. Dhawuhipun
eyang Sunan Ngampelgadhing, botên kaparêng yen kula mêngsah bapa, sanadyan
Buddha nanging margi-kula sagêd dumados gêsang wontên ing dunya. Inggih sanadyan
Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah dipunhurmati, punapa malih
dereng wontên lêpatipun dhatêng kula”.
Sunan Benang ngandika mêneh: “Sanadyan mungsuh bapa lan
ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak: kang kok-têmu
ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul bêntul butêng tanpa nalar,
patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa,
masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi
‘alam, têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata,
sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu
kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh
kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl kaping êmbuh, sihing Hyang Kang Maha
Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satêmêne ramanira iku siya-siya marang sira,
tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku ora prayoga, têgêse Babah iku saru
bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu
diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku mêgat sih
arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik, mulane rêmbugku, walêsên kalawan
alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên gêtihe, mamahên balunge”.
Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi
ramamu, didakwa rêraton, amarga aku ora seba marang Majalêngka. Sumbare Patih,
yen aku kacandhak arêp dikuciri lan dikon ngêdusi asu, akeh bangsa Cina kang
padha têka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni
ing kitabku, yen ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh
bangsa Cina kang padha tak- Islamake, tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku mrene
ini ngungsi urip mênyang kowe, aku wêdi marang Patih Majalêngka, lan ramanira
sêngit bangêt marang santri kang muji dhikir, ênggone ngarani jare lara ayan
esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, mêsthi rusak agama Mukhammad Nabi”.
Wangsulane Sang Adipati Dêmak: “Anggenipun nglurugi punika
lêrês, tiyang rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing Ratu ingkang
mbawahakên, sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pêjah, awit panjênêngan
botên ngrumaosi dhahar ngunjuk wontên in tanah Jawi”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Yen ora kok-rêbut dina iki,
kowe ngênteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis mêsthi ora bakal tiba kowe,
mêsthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa,
utawa dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing Pêngging,
kowe anak nom, ora wajib jumênêng Nata, mumpung iki ana lawang mênga, Giri kang
dadi jalarane ngrusak Majalêngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati
sabilu’llah, patine slamêt nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati
dening wong kapir, saka ênggone nyungkêmi agamane, karo wis wajibe wong urip
golek kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora
wêruh marang uripe, iku durung gênêp uripe, lamun sipat manusa mêsthi melik
mêngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa
bae kang dikarêpake bisa kêlakon, satêmêne kowe wis pinasthi bakal jumênêng
Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu
nganggo sarat dirêbut sarana pêrang, yen kowe ora gêlêm nglakoni, mêsthine sihe
Gusti Allah kang mênyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe jênênge nampik
sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku wis wêruh sadurunge winarah,
wis tak-sêmprong nganggo sangkal bolong katon nêrawang ora samar sajroning
gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa,
murwani agama suci, ambirat ênggonmu madêg Narendra, bisa ngideni adêgmu Nata
mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse”. Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang,
pambujuke marang adipati Dêmak supaya mêtu nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka,
malah diwenehi lêpiyan carita Nabi, kang gêlêm ngrusak bapa kapir, iku padha
nêmu rahayu.
Adipati Dêmak matur: “Manawi karsa panjênêngan makatên, kula
namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang mbotohi”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Iya mangkono iku kang tak
karêpake, saiki kowe wis gêlêm tak botohi, lah saiki uga kowe kirima layang
marang adhimu Adipati Têrung, ananging têmbungmu kang rêmit sarta alus, adhimu
antêpên, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen
adhimu wis rujuk adêgmu Nata, gampang bangêt rusaking Majalêngka. Majapahit
sapa kang diêndêlake yen Kusen mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya,
Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, mêsthi ora bisa nadhahi yudamu”. Adipati
Dêmak banjur kirim layang marang Têrung, ora suwe utusan bali, wis tinampan
wangsulane Sang Adipati Têrung, saguh ambiyantu pêrang, layang banjur katur
Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan Benang banjur ngandika marang
Adipati Dêmak, supaya Sang Adipati ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh,
samudana yen arêp ngêdêgake masjid, lan diwenehana sumurup yen Sunan Benang wis
ana ing Dêmak. Gêlising carita, ora suwe para Sunan lan para Bupati padha têka
kabeh, banjur pakumpulan ngêdêgake masjid, sawise mêsjid dadi, banjur padha
salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong kabeh
dipangandikani dening Sunan Benang, yen Adipati Dêmak arêp dijumênêngake Nata,
sarta banjur arêp ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur arêp kêpyakan
tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk kabeh, mung siji kang ora
rujuk, iya iku Syekh Sitijênar. Sunan Benang duka, Syekh Sitijênar dipateni,
dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh Sitijênar dilawe gulune
mati. Sadurunge Syekh Sitijênar tumêka ing pati, ninggal swara: “Eling-eling
ngulama ing Giri, kowe ora tak-walês ing akhirat, nanging tak-walês ana ing
dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal
tak-lawe gênti”. Sunan Giri mangsuli: “Iya besuk wani, saiki wani, aku ora
bakal mundur”. Sawise golong karêpe, nglêstarekake apa kang wis dirêmbug. Sang
Adipati Dêmak banjur ingidenan jumênêng Nata, amêngku tanah Jawa, jêjuluk
Senapati Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke
Senapati Jimbuningrat wis miranti sapraboting pêrang, banjur budhal mênyang
Majapahit, diiringake para Sunan lan para Bupati, lakune kaya dene Garêbêg
Maulud, para wadya bala ora ana kang ngrêti wadining laku, kajaba mung para
Tumênggung lan para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri
ora melu mênyang Majapahit, pawadane sarehne wis sêpuh, mung arêp salat ana ing
masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para Sunan lan para
Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora kacarita lakune ana ing dalan.
Gênti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing
Giri banjur matur sang Praba, bab ênggone mukul pêrang ing Giri, mungguh kang
dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina kang wis ngrasuk agama
Islam, arane Sêcasena, mangsah mêncak nganggo gêgêman abir, sawadya-balane
watara wong têlung atus, padha bisa mêncak kabeh, brêngose capang sirahe
gundhul, padha manganggo srêban cara kaji, mangsah pêrang paculat kaya walang
kadung, wadya Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala ing Giri pating jênkelang
ora kêlar nadhahi tibaning mimis. Senapati Sêcasena wis mati, dene bala Cina
liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi mênyang alas
ing gunung, sawêneh ngambang ing sagara, mlayu mênyang Benang têrus diburu
dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal
saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali
ngajawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang Dêmak,
andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Benang padha têka ing Dêmak, didhawuhi
nyêkêl, kaaturna bêbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak
bumi ing Kêrtasana, dene dosane santri Giri ora gêlêm seba marang ngarsa Prabu,
tekade sumêdya nglawan pêrang.
Patih samêtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang
arêp diutus mênyang Dêmak, sajrone ana ing paseban jaba, kêsaru têkane utusane
Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai
Patih, mungguh surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga,
yen Adipati ing Dêmak, iya iku Babah Patah, wis madêg Ratu ana ing Dêmak, dene
kang ngêbang- êbang adêging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para
Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene
jêjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah
Kalifatu’rrasul Amiri’lmukminin Tajudi’l'Abdu’lhamid Kak, iya Sultan Adi Surya
‘Alam, ing Bintara. Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug
marang Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot mênyang gurune,
ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone
arêp mbêdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala têlung lêksa miranti
sapraboting pêrang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih. Layang
kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir 1303,
masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang, njêtung atine,
sarta kêrot, gêrêng-gêrêng, gedheg-gedheg, bangêt pangungune, banjur tumênga
ing tawang karo nyêbut marang Dewa kang Linuwih, bangêt gumune mênyang wong
Islam, dene ora padha ngrêti mênyang kabêcikane Sang Prabu, malah padha gawe
ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau.
Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature Patih kaget bangêt
panggalihe, njêgrêg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih
ngungun bangêt marang putrane sarta para Sunan, dene padha duwe sêdya kang
mangkono, padha diparingi pangkat, wêkasane malah padha gawe buwana balik, kolu
ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi
sababe, dene putrane lan para ngulama têka arêp ngrusak karaton, digoleki
nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinêmu ing nalar, dene kok padha
duwe pikir ala. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, sungkawane
ratu Gêdhe kang linuwih, sinêmonan dening Dewa, kaya dene atining kêbo êntek
dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta
mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para Bupati
kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang kabêcikan.
Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangêrti, amarga adoh
karo nalare, wong dibêciki kok padha malês ala, lumrahe mêsthi, padha malês
bêcik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora bêcik,
dibêciki walêse kok padha ala.
Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon
kaya mangkono iku amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene nggêgampang
marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta ênggone kêgiwang marang ature
Putri Cêmpa, ngideni para ngulama mêncarake agama Islam. Sang Nata saka
putêking panggalihe nganti kawêdhar pangandikane ngêsotake marang wong Islam:
Sun-suwung marang Dewa Gung, muga winalêsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk
kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh kabêcikan,
sun-bêciki walêse angalani”. “Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan,
katarima dening Bathara, sinêksen ing jagad, katandhan ana swara jumêgur gêtêr patêr
sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh
ngrangkêp jênêng walikan, katêlah tumêka saprene, ngulama jênênge walian,
kuntul kucir githoke. Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara
têkane mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku dilawan apa ora? Sang Nata
rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak kapengin mêngkoni Majapahit bae
kok dirêbut sarana pêrang, saupama disuwun kalayan aris bae mêsthi diparingake,
amarga Sang Nata wis sêpuh. Ature Patih prayoga nglawan têkaning mungsuh. Sang
Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt, dene mungsuh karo
putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pêrang kang sawatara bae, aja nganti
ngrusakake bala. Patih didhawuhi nimbali Adipati Pêngging sarta Adipati
Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake
pêrang, sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa têdhak
marang Bali, kadherekake abdi kêkasih, Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone
Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara,
mula kasêsa tindake. Wadya Dêmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan
banjur ngawaki pêrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning papêrangan. Para
Bupati Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. Pêrange rame bangêt, bala Dêmak
têlung lêksa, balang Majapahit mung têlung ewu, sarehne Majapahit karoban
mungsuh, prajurite akeh kang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka
pangamuke saya nêsêg. Bala Dêmak kang katrajang mêsthi mati. Putrane Sang Prabu
aran Raden Lêmbupangarsa ngamuk ana satêngahing papêrangan, tandhing karo Sunan
Kudus, lagi rame-ramene têtandhingan pêrang, Patih Mangkurat ing Dêmak
nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune, pangamuke kaya bantheng
kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora pasah sakehing gêgaman, kaya dene
tugu waja, ora ana braja kang tumama marang sarirane, ing ngêndi kang katrajang
bubar ngisis, kang tadhah mati nggêlasah, bangkening wong tumpang tindhih,
Patih binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan
Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk
kêna, barêng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki wadya ing Dêmak, dene wadya
Majapahit wis êntek, sapira kuwate wong siji, wêkasan Patih ing Majapahit ngêmasi,
nanging kuwandane sirna, tinggal swara: “Eling-eling wong Islam, dibêciki
gustiku walêse ngalani, kolu ngrusak nagara Majapahit, ngrêbut nagara gawe
pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu,
rambutmu tak-cukur rêsik”.
Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton.
nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri Cêmpa,
sang Putri diaturi sumingkir mênyang Benang uga karsa.
Para prajurit Dêmak banjur padha mlêbu mênyang kadhaton, ana
ing kono pada njarah rayah nganti rêsik, wong kampung ora ana kang wani
nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati Têrung banjur mlêbu
mênyang jêro pura, ngobongi buku-buku bêtuwah Buddha padha diobongi kabeh,
wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong Têrung.
Wong Majapahit kang ora gêlêm têluk banjur ngungsi mênyang gunung lan
alas-alas, dene kang padha gêlêm têluk, banjur dikumpulake karo wong Islam,
padha dikon nyêbut asmaning Allah. Layone para putra santana lan nayaka padha
kinumpulake, pinêtak ana sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur dijênêngake
Bratalaya, jarene iku kubure Raden Lêmbupangarsa.
Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel,
dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta
Adipati Têrung, njaga kaslamêtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan
Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, Têrung uga dijaga ngulama
têlung atus, sabên bêngi padha salat kajat sarta andêrês Kur’an, wadya-bala
kang saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu mênyang Ngampelgadhing,
Sunan Ngampel wis seda, mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane
mau asli saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agêng
kanggo têtuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satêkane ing Ngampel,
banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati gênti-gênti padha
ngaturake sêmbah mênyang Nyai Agêng. Prabu Jimbuningrat matur yen mêntas
mbêdhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake
patine Patih ing Majapahit lan matur yen panjênêngane wis madêg Nata mêngku
tanah Jawa, dene jêjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang, ênggone
sowan mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata nganti
run-tumurun aja ana kang nyêlani.
Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur
muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agêng ing batos karaos-raos, mangkene
pangudaraosing panggalih: “Putuku, kowe dosa têlung prakara, mungsuh Ratu tur
sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing dunya, têka dirusak kang tanpa prakara,
yen ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi
panggonan kang wis anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja
sakarêpe, wong pancene rak sêmbah nuwun bangêt, wusana banjur diwalês ala, seda
utawa sugênge ora ana kang wêruh”.
Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: “Êngger!
aku arêp takon mênyang kowe, kandhaa satêmêne, bapakmu tênan kuwi sapa? Sapa
kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe
dene kowe syikara kang tanpa dosa?”
Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene
ramane têmênan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa iku para
Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak,
amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngagêm agama
kapir kupur, Buddha kawak dhawuk kaya kuwuk.
Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit
ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: “Êngger! kowe wêruha, kowe iku dosa têlung
prakara, mêsthi kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu
dhewe, sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang
tanpa dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah
piyambak. Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu saka karêpe
dhewe. Wong kang nyungkêmi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama.
Yen Gusti Allah wis marêngake, ora susah ngango dikon, wis mêsthi salin dhewe
ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi
marang wong kang salin agama. Kabeh iki sasênênge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora
niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam
kang tumindak ora bênêr, mung bênêr karo lupute sing diadili nganggo têtêping
adil, lalar-lulurên asalmu, ibumu Putri Cêmpa nyêmbah pikkong, wujud dluwang
utawa rêja watu. Kowe ora kêna sêngit mênyang wong kang agama Buddha, tandha
mripatmu iku lapisan, mula blero pandêlêngmu, ora ngrêti marang kang bênêr lan
kang luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang bapa, kêduga ngrusak ora
nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrêti matane mung siji, dadi
wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang bêcik lan kang ala, mêsthi wêdi mênyang
bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibêkteni. Eklasing ati
bêkti bapa, ora bêkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bêkti marang wong
tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe
maratuwa kapir, maratuwane gêthing marang wong Agung amarga seje agama,
maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah
wêdi- asih lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire,
nanging kang dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang maratuwane.
Iya iku êngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya,
dupeh kapir Budha ora gêlêm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku arêp takon,
apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok
nganti kok-rusak iku kapriye?
Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, têkane
Majapahit banjur ngêpung nagara bae.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng karo ngandika: “Tindakmu iku
saya luput bangêt, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, ênggone padha wani
mungsuh wong tuwane, iku amarga sabên dinane wis ngaturi santun agama, nanging
ora karsa, mangka sabên dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu
wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglêstarekake
agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan
mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Barêng wong kang kaya kowe, mujijadmu
apa? Yen nyata Khalifatu’llah wênang nyalini agama lah coba wêtokna mujijadmu
tak-tontone”.
Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung
manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran
swarga.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng nanging wêwah dukane. Ujar-jare
bae kok disungkêmi, tur dudu bukuning lêluhur, wong ngumbara kok diturut
rêmbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih mêntah
kawruhmu, durung wani marang wong tuwa, saka kêpenginmu jumênêng Nata,
kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu santri ahli budi, mung ngêndêlake ikêt
putih, nanging putihe kuntul, sing putih mung ing jaba, ing jêro abang, nalika
eyangmu isih sugêng, kowe tau matur yen arêp ngrusak Majapahit, eyangmu ora
parêng, malah manti-manti aja nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda,
wêwalêre kok-trajang, kowe ora wêdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku,
prakara têtêpmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora wênang ngideni, aku bangsa cilik
tur wong wadon, mêngko rak buwana balik arane, awit kowe sing mêsthine paring
idi marang aku, amarga kowe Khalifatu’llah sajroning tanah Jawa, mung kowe
dhewe sing tuwa, saucapmu idu gêni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe têtêp tuwa
Ratu”.
Banjure pangandikane Nyai Agêng Ngampel: “Putu! kowe tak-
dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah Mêsir,
panjênêngane Kanjêng Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud
nganti kengsêr saka nagara, putrane banjur sumilih jumênêng Nata, ora lawas
Nabi Dhawud sagêd wangsul ngrêbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu
mênyang alas, jarane ambandhang kêcanthol-canthol kayu, nganthi pothol
gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane
Sang Prabu Dewata-cêngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur
disotake dening ingkang rama banjur dadi buta, sabên dina mangsa jalma, ora
suwe antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka,
anggêlarake panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih
marang Aji Saka, gêthing marang Dewatacêngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja,
Dewatacêngkar dipêrangi nganti kêplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora
antara suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang
Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang
tak-caritakake mau, kabeh padha nêmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh
bapa kang tanpa prakara, kowe mêsthi cilaka, patimu iya mlêbu mênyang yomani,
kang mangkono iku kukume Allah”.
Sang Prabu Jimbun mirêng pangandikane ingkang eyang,
panggalihe rumasa kêduwung bangêt, nanging wis ora kêna dibalekake.
Nyai Agêng Ngampel isih nêrusake pangandikane: “Kowe kuwi
dilêbokake ing loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok gêlêm
nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa,
salawase urip jênêngmu ala, bisa mênang pêrang nanging mungsuh bapa Aji, iku
kowe mrêtobata marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura,
sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu, kaping têlune ngrusak kabêcikan
apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati Pêngging
masa trimaa rusaking Majapahit, mêsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot
sanggane”. Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang
Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mênyang Dêmak, sarta didhawuhi
nglari lolose ingkang rama, yen wis kêtêmu diaturana kondur mênyang Majapahit,
lan aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kêrsa, aja dipêksa,
amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mêsthi mandi.
Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak, para wadya padha
sênêng-sênêng lan suka-suka nutug, para santri padha trêbangan lan dhêdhikiran,
padha angucap sukur lan bungah bangêt dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa
mênang pêrange.
Sunan Benang mêthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata
banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis kêlakon bêdhah, layang-layang
Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur
lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning papêrangan, Putri Cêmpa wis diaturi
ngungsi mênyang Benang, wadya Majapahit sing wis têluk banjur padha dikon
Islam.
Sunan Benang mirêngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujêng
karo manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.
Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldênta,
sowan ingkang eyang Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen mêntas saka Majapahit,
sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani
sarta diuman-uman, ênggone ora ngrêti marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya,
nanging sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai
Agêng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.
Sunan Benang sawise mirêngake ature Sang Nata ing batos iya
kêduwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang kabêcikane Sang Prabu
Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika,
samudanane nyalahake Sang Prabu Brawijaya lan Patih, ênggone ora karsa salin
agama Islam.
Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agêng Ngampel
ora pêrlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mêsthi kurang sampurna,
luwih bêcik ênggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu
dhawuhe Nyai Ngampeldênta, Sunan Benang arêp kondur mênyang ‘Arab, wusana Prabu
Jimbun banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel,
mêsthine bakal oleh sabda kang ora bêcik, mula iya wêdi.
Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang
rama mêksa kondur mênyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun
pangapura kabeh kaluputane, dene yen arêp ngaturi jumênêng Nata maneh, aja ana
ing tanah Jawa, amarga mêsthi bakal ngribêdi lakune wong kang padha arêp salin
agama Islam, supaya dijumênêngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.
Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing
laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bêcik
ditênung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana dosane.
Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panêmune Sunan
Giri kang mangkono mau.
Gênti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ênggone ngupaya
Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kêlunta-lunta, sabên
desa diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir
wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.
Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis têkan ing Blambangan,
sarehne wis kraos sayah banjur kendêl ana sapinggiring beji. Ing wêktu iku
panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, dene sing marak ana ngarsane mung kêkasih
loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gêguyon, lan
padha mikir kahaning lêlakon kang mêntas dilakoni, ora antara suwe kêsaru
sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabêkti sumungkêm padane Sang Prabu.
Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: “Sahid! kowe
têka ana apa? Apa prêlune nututi aku?”
Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula punika kautus putra
paduka, madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi, sêmbah
sungkêmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun,
dene ngantos kamipurun ngrêbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing
manah mudha punggung, botên sumêrêp tata krami, sangêt kapenginipun mêngku
praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos
ing kalêpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang anyêngkakakên saking
ngandhap aparing darajat Adipati ing Dêmak, tangeh malêsa ing sih paduka Nata,
ing mangke putra paduka emut, bilih panjênêngan paduka linggar saking praja
botên kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mêsthi manggih
dêdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjênêngan paduka, kapanggiha
wontên ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, têtêpa kados
ingkang wau-wau, mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jêjimat
pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan
idi wilujêngipun wontên ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah
kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng saking
karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun, lan nyuwun
pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa kados ingkang sampun. Dene yen
panjênêngan paduka botên karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontên
ing rêdi, ing pundi sasênênging panggalih paduka, ing rêdi ingkang karsakakên
badhe dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging
nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila têrusing
panggalih”.
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Ingsun-rungu aturira, Sahid!
nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rêmbugan karo santri padha
nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing
ngarêp nanging jêbul anjênggung ing buri, rêmbuge mung manis ana ing lambe,
batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picêka mataku siji. Sakawit
ingsun bêciki, walêse kaya kênyung buntut, apa ta salah-ingsun, têka rinusak
tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul pêrang tanpa panantang,
iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama”.
Sunan Kalijaga barêng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa
ing kaluputane ênggone melu mbêdhah karaton Majapahit, ing batin bangêt
panalangsane, dene kadudon kang wis kêbanjur, mula banjur ngrêrêpa, ature:
“Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhatêng putra wayah, mugi dadosa
jimat paripih, kacancang pucuking rema, kapêtêk wontên ing êmbun, mandar
amêwahana cahya nurbuwat ingkang wêning, rahayunipun para putra wayah sadaya.
Sarehning sampun kalêpatan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung
pangapuntên paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatêng pundi?”
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Saiki karsaningsun arsa
tindak mênyang Bali, kêtêmu karo yayi Prabu Dewa agung ing Kêlungkung, arsa
ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa
ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samêkta sakapraboning
pêrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen anake karo pisan satêkane
tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wêruh ing dalan, banjur wani
mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake arêp ingsun pateni, sabab murtat wani
ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina,
yen putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang siji, ananging ora wêruh ing
dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa
ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samêkta sakapraboning
pêrang, njujuga nagari Bali. Yen wis samêkta sawadya prajurit, sarta padha
eling marang lêlabêtan kabêcikaningsun, lan duwe wêlas marang wong wungkuk kaki-kaki,
yêkti padha têka ing Bali sagêgamaning pêrang, sun-jak marang tanah Jawa
angrêbut kapraboningsun, iya sanadyan pêrang gêdhe gêgêmpuran amungsuh anak,
ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung.”
Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku
ing sanalika mung dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning ati: “Tan cidra karo
dhawuhe Nyai Agêng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrêgagah nggagahi
nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut gêgêr wungkuk. Lamun iki
ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana pêrang gêdhe tur wadya ing
Dêmak masa mênanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping
têlune kang mbêciki, wis mêsthi bae wong Jawa kang durung Islam yêkti asih
marang Ratu tuwa, angantêp tangkêping jurit, mêsthi asor wong Islam tumpês ing
pêpêrangan.”
Wusana Sunan Kalijaga matur alon: “Dhuh pukulun Jêng Sang
Prabu! saupami paduka lajêngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe
pêrang gêgêmpuran, punapa botên ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu
putra paduka ingkang badhe nêmahi kasoran, panjênêngan paduka jumênêng Nata
botên lami lajêng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata,
saupami kados dene sêgawon rêbatan bathang, ingkang kêrah tulus kêrah têtumpêsan
sami pêjah sadaya daging lan manah kathêda ing sêgawon sanesipun”.
Sang prabu Brawijaya ngandika: “Mungguh kang mangkono iki
luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, nêtêpi mripat
siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang bênêr paningalku, kang miturut
adat pranatane para lêluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kêpengin
dadi Ratu, disuwun krananing bêcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake
krana bêcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warêg jumênêng Ratu, nrima dadi
pandhita, pitêkur ana ing gunung. Balik samêngko si Patah siya mring sun,
mêsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata
Gung, pamintane marang para titah ing wuri.”
Sunan Kalijaga barêng mirêng pangandikane Sang Prabu, rumasa
ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkêmi pada, sarta banjur nyaosake
cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan
Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae, amarga lingsêm manawa
mêruhi lêlakon kang saru.
Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono
mau, panggalihe kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika tansah têbah jaja karo
nênggak waspa, sêrêt pangandikane: “Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing
bêcik, tak-timbange aturmu, bênêr lan lupute, têmên lan gorohe, amarga aku
kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang
Majapahit, si Patah seba mênyang aku, gêthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa
Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicêkêl dibiri, dikon
tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprêdi sêmbahyang, yen ora ngrêti banjur
diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing.”
Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga:
“Mara pikirên, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyêkrukuk, kok dikum
ing banyu”.
Sunan Kalijaga gumujêng karo matur: “Mokal manawi makatên,
benjing kula ingkang tanggêl, botên-botênipun manawi putra paduka badhe
siya-siya dhatêng panjênêngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa
paduka, namung langkung utami manawi panjênêngan paduka karsa gantos sarak
rasul, lajêng nyêbut asmaning Allah, manawi botên karsa punika botên dados
punapa, tiyang namung bab agami, pikêkahipun tiyang Islam punika sahadat,
sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrêtos sahadat punika
inggih têtêp nama kapir”.
Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku kaya apa, aku kok durung
ngrêti, coba ucapna tak-rungokne”.
Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha
ila’llah, wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah, têgêsipun: Ingsung anêkseni,
ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan anêkseni, Kangjêng Nabi
Mukhammad iku utusane Allah”.
Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: “Tiyang nêmbah
dhatêng arah kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun, punika têtêp kapiripun, lan
malih sintên tiyang ingkang nêmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika
nêmbah brahala namanipun, mila tiyang punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan
batosipun. Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên,
dene têgêsipun Nabi Mukhammad Rasula’llah: Mukhammad punika makam kuburan,
dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak,
botên muji Mukhammad ing ‘Arab, raganipun manusa punika wêwayanganing Dzating
Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing
lesan, Rasule minggah swarga, lu’llah, luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu’llah
punika rasa ala ganda salah, riningkês dados satunggal Mukhammad Rasula’llah,
kang dhingin wêruh badan, kaping kalih wêruh ing têdhi, wajibipun manusa
mangeran rasa, rasa lan têdhi dados nyêbut Mukhammad rasulu’llah, mila
sêmbahyang mungêl “uzali” punika têgêsipun nyumêrêpi asalipun. Dene raganipun
manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, têgêsipun
Rasul rasa, wijile rasaning urip, mêdal saking badan kang mênga, lantaran
ashadualla, manawi botên mêngrêtos têgêsipun sahadat, botên sumêrêp rukun
Islam, botên mangrêtos purwaning dumados”.
Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa
santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging
remane ora têdhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu
diaturi Islam lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora têdhas
digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kêna diparasi.
Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon
lan Nayagenggong: “Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama
Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur nyêbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka
karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha”.
Sabdapalon ature sêndhu: “Kula niki Ratu Dhang Hyang sing
rumêksa tanah Jawa. Sintên ingkang jumênêng Nata, dados momongan kula. Wiwit
saking lêluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, Sakutrêm lan Bambang
Sakri, run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajêr Jawi, kula
manawi tilêm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilêm tamtu wontên pêpêrangan
sadherek mêngsah sami sadherek, ingkang nakal sami nêdha jalma, sami nêdha
bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun,
momong lajêr Jawi, botên wontên ingkang ewah agamanipun, nêtêpi wiwit sapisan
ngestokakên agami Buddha. Sawêg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi.
Jawi têgêsipun ngrêti, têka narimah nama Jawan, rêmên manut nunut-nunut,
pamrihipun damêl kapiran muksa paduka mbenjing.”
Sabdane Wiku tama sinauran gêtêr-patêr.
Sang Prabu Brawijaya sinêmonan dening Jawata, ênggone karsa
mlêbêt agama Rasul, iya iku rêrupan kahanan ing dunya ditambahi warna têlu: 1:
aran sukêt Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.
Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye kang padha dadi
kêkêncênganmu, apa gêlêm apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul,
nyêbut Nabi Mukhammad Rasula’llah panutaning para Nabi, lan nyêbut asmaning
Allah Kang Sajati?”
Sabdapalon ature sêndhu: “Paduka mlêbêt piyambak, kula botên
têgêl ningali watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya punika têgêsipun ngukum, tur
siya dhatêng raga, manawi kula santun agami, saestu damêl kapiran
kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang ‘Arab
sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngalêm badanipun piyambak. Manawi kula,
mastani botên urus, ngalêm saening tangga, ngapêsakên badanipun piyambak, kula
rêmên agami lami, nyêbut Dewa Ingkang Linangkung.
Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa,
sampun dados wajibipun manusa punika manut dhatêng eling budi karêpan, dados
botên ngapirani, manawi nyêbut Nabi Mukhammad Rasulu’llah, têgêse Mukhammad
niku makaman kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag
wadhahing êndhut, namung tansah nêdha eca, botên ngengêti bilahinipun ing
wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi
têgêsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhatêng asalipun malih. Wangsul
Prabu Brawijaya lajêng manggen wontên pundi. Adam punika muntêl kaliyan Hyang
Brahim, têgêsipun kêbrahen nalika gêsangipun, botên manggih raos ingkang
saestu, nanging tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman
kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi
dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados,
punika dadosipun piyambak, lantaranipun ngabên awon, bapa biyung botên damêl,
mila dipunwastani anak, wontênipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar,
saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak,
risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa,
namung kantun rumaos lan pangraos ingkang paduka-bêkta dhatêng pundi kemawon,
manawi dados dhêmit ingkang têngga siti, makatên punika ingkang nistha, namung
prêlu nênggani daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatên wau têtêp
botên wontên prêlunipun. Ingkang makatên punika amargi namung saking kirang
budi kawruhipun, kala gêsangipun dereng nêdha woh wit kawruh lan woh wit budi,
nrimah pêjah dados setan, nêdha siti ngajêng-ajêng tiyang ngirim sajen tuwin
slamêtanipun, ing têmbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatêng anak
putunipun ingkang kantun. Tiyang pêjah botên kêbawah pranataning Ratu ing lair,
sampun mêsthi sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni
kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi
paduka-jawab atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika: “Mulih marang asale, asal Nur bali
marang Nur”.
Sabdapalon matur maneh: “Inggih punika kawruhipun tiyang
bingung gêsangipun rugi, botên gadhah kawruh kaengêtan, dereng nêdha woh kawruh
lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika sanes pêjah ingkang utami, dene
pêjah ingkang utami punika sewu satus têlung puluh. Têgêsipun satus punika
putus, têlu punika tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak,
nanging ingkang risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgêng
namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang botên mawi
ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup mêsthi saking pundi asalipun
wiwit dados jalmi. Surup têgêsipun: sumurup purwa madya wasananipun, nêtêpana
namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prênahipun mlêbêt mbêkta sir cipta
lami”.
Sang Prabu ngandika: “Ciptaku nempel wong kang luwih”.
Sabdapalon matur: “Punika tiyang kêsasar, kados dene kêmladeyan tumemplek
wit-witan agêng, botên bawa piyambak, kamuktenipun namung nêmpil. Punika botên
pêjah utami, pêjahipun tiyang nistha, rêmênipun namung nempel, nunut-nunut,
botên bawa piyambak, manawi dipuntundhung, lajêng klambrangan, dados
brêkasakan, lajêng nempel dhatêng sanesipun malih”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Asal suwung aku bali, mênyang
suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya
mangkono”.
Sabdapalon: “Punika pêjahipun tiyang kalap nglawong, botên
iman ‘ilmi, nalika gêsangipun kados kewan, namung nêdha ngombe lan tilêm,
makatên punika namung sagêd lêma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe
uyuh kemawon, ical gêsangipun salêbêtipun pêjah”.
Sang Prabu: “Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi
lêbu”.
Sabdapalon: “Inggih punika pêjahipun tiyang cubluk, dados
setan kuburan, nênggani daging wontên kuburan, daging ingkang sampun luluh
dados siti, botên mangrêtos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang
bodho mangrêtosa. Nun!”
Sang Prabu ngandika: “Aku arêp muksa saragaku”.
Sabdapalon gumuyu: “Yen tiyang agami Rasul têrang botên
sagêd muksa, botên kuwawi ngringkês nguntal raganipun, lêma kakathahên daging.
Tiyang pêjah muksa punika cêlaka, amargi nami pêjah, nanging botên tilar jisim,
namanipun botên sahadat, botên pêjah, botên gêsang, botên sagêd dados roh
idlafi enggal, namung dados gunungan dhêmit”.
Pangandikane Sang Prabu: “Aku ora duwe cipta apa-apa, ora
ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa”.
Sabdapalon: “Paduka nilar sipat, botên ngrumaosi yen tinitah
linangkung, nilar wajibing manusa, manusa dipunwênangakên nampik milih, manawi
sampun narimah dados sela, sampun botên prêlu pados ‘ilmi kamulyaning seda”.
Sang Prabu: “Ciptaku arêp mulih mênyang akhirat, munggah
swarga seba Kang maha Kuwasa”.
Sabdapalon matur: “Akhirat, swarga, sampun paduka-bêkta
ngaler ngidul, jagadipun manusa punika sampun mêngku ‘alam sahir kabir, nalika
tapêl Adam, sampun pêpak: akhirat, swarga, naraka ‘arasy kursi. Paduka badhe
tindak dhatêng akhirat pundi, mangke manawi kêsasar lo, mangka ênggene akhirat
punika têgêse mlarat, saênggen- ênggen wontên akhirat, manawi kenging
kula-singkiri, sampun ngantos kula mantuk dhatêng kamlaratan sarta minggah
dhatêng akhirat adil nagari, manawi lêpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda,
dipunpaksa nyambut damêl awrat tur botên tampa arta. Klêbêt akhirat nusa
Srênggi, nusa têgêsipun manusa, Srêng têgêsipun padamêlan ingkang awrat sangêt.
Ênggi têgêsipun gawe. Dados têgêsipun jalma pinêksa nyambut damêl dhatêng Ratu
Nusa Srênggi namanipun, punapa botên cilaka, tiyang gêsang wontên ing dunya
kados makatên wau, sakulawargane mung nadhah bêras sapithi, tanpa ulam, sambêl,
jangan punika akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang
pêjah malah langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhatêng
akhirat, sampun ngantos minggah dhatêng swarga, mindhak kêsasar, kathah
rajakaya ingkang wontên ing ngriku, sadaya sami trima tilêm kêmul siti,
gêsangipun nyambut damêl kanthi paksan, botên salah dipunpragat, paduka sampun
ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika botên kantha botên warna,
wujudipun amung asma, nglimputi wontên ing dunya tuwin ing akhirat, paduka
dereng têpang, têpangipun amung têpang kados cahyanipun lintang lan rêmbulan,
kapanggihe cahya murub dados satunggal, botên pisah botên kumpul, têbihipun
botên mawi wangênan, cêlak botên panggihan, kula botên kuwawi cêlak, punapa
malih paduka, Kangjêng Nabi Musa toh botên kuwawi mandêng dhatêng Gusti Allah,
mila Allah botên katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud,
paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking
nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sêpuh, nyuwun
ingkang enggal, dados botên wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pêjah gêsang,
ingkang gêsang napasipun taksih lumampah, têgêsipun urip, ingkang têtêp
langgêng, botên ewah botên gingsir, ingkang pêjah namung raganipun, botên
ngraosakên kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun
sampun sêpuh, suksmanipun mêdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang
sampun sêpuh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa
punika langgêng, botên ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga
wadhag ingkang asal roh idlafi.
Prabu Brawijaya botên anem botên sêpuh, nanging langgêng
manggen wontên satêngahipun jagadipun, lumampah botên ebah saking
panggenanipun, wontên salêbêting guwa sir cipta kang êning. Gawanên gêgawanmu,
ngGêgawa nêdha raga. Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, plêsatipun wêtaha.
Ningali jantung kêtêg kiwa: surut marga sire cipta, jujugipun ingkang cêtha
cêthik cêthak. Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha. Lêbêtipun
roh saking cêthak marginipun, kendêl malih wontên cêthik, mêdal wontên
kalamwadi, kentir sagara rahmat lajêng lumêbêt ing guwa indra-kilaning estri,
tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontên ing ngriku ki budi jasa
kadhaton baitu’llah ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wontên
têngahing jagad swarganing tiyang sêpuh estri, mila jalma keblatipun wontên
têngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta namanipun, dipunbêkta
dhatêng pundi- pundi botên ewah, umuripun sampun dipunpasthekakên, botên sagêd
ewah gingsir, sampun dipunsêrat wontên lokhil-makful, bêgja cilakanipun gumantung
wontên ing budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun
inggih badhe ical utawi kirang bêgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih
punika wetan kilen kidul ler : têgêsipun wetan : wiwitan manusa maujud;
têgêsipun kulon : bapa kêlonan; têgêsipun kidul : estri didudul wêtênge ing
têngah; têgêsipun lor : laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sênteg
sapisan tênunan sampun nigasi. Têgêsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhêp
dhatêng wujud; jumbuh punika têgêsipun pêpak, sarwa wontên, mêngku alam sahir
kabir, tanggalipun manusa, lairipun saking tiyang sêpuhipun estri, sarêng
tanggalipun kaliyan sadherekipun kakang mbarêp adhi ragil, kakang mbarêp punika
kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sarêng tanggal gaibipun, rumêksa
gêsangipun elingipun panjanmaning surya, lênggah rupa cahya, kontêning eling
sadayanipun, siyang dalu sampun sumêlang dhatêng sadaya rêrupen, ingkang engêt
sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan
benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika
dipunibaratakên baita, dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontên ing
baita wau, ingkang nêdahakên pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka
salah pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita pêcah, tiyangipun rêbah. Pramila
kêdah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botên mapan
gêsangipun, pêjah malih sagêda mapan, nêtêpi kamanusanipun, manawi baitanipun
bibrah, inggih pisah kaliyan tiyangipun; têgêsipun suksma ugi pisah kaliyan
budi, punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah têgêsipun
pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun
lajêng santun baitu’llah, napas tali, muji dhatêng Gusti, manawi pisaha raga
suksma lan budi, mrêtitis ingkang botên-botên, yen tunggal, kabêsaran,
tanggalipun botên surup salaminipun, punika kêdah ingkang waspada, ngengêtana
dhatêng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi wênang matur dhatêng Gusti,
nyuwun baitu’llah ingkang enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa
punika namanipun baitu’llah, inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking
sabda kun, manawi baitanipun tiyang Jawi sagêd mapan santun baitu’llah malih
ingkang sae, baitanipun tiyang Islam gêsangipun kantun pangrasa, praunipun
sampun rêmuk, manawi suksma punika pêjah ing ‘alam dunya suwung, botên wontên
tiyang, manawi tiyang punika têrus gêsang, ing dunya kêbak manusa, lampahipun
saking ênem urut sêpuh, ngantos roh lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang,
nanging manawi tekadipun nasar, pêjahipun manjalma dados kuwuk, sanadyan
suksmanipun kewan, nanging sagêd manjalma dados tiyang (kajêngipun, adiling
Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene piyambak-piyambak).
Nalika panjênênganipun Bathara Wisnu jumênêng Nata wontên ing Mêndhang Kasapta,
sato wana tuwin lêlêmbut dipuncipta dados manusa, dados wadya-balanipun Sang
Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton wontên ing Gajahoya,
sato wana tuwin lêlêmbut inggih dipuncipta dados tiyang, pramila gandanipun tiyang
satunggal-satunggalipun beda-beda, gandanipun kadosdene nalika taksih dados
sato kewan. Sêrat tapak Hyang, ingkang dipunwastani Sastrajendrayuningrat,
dados saking sabda kun, ingkang dipunwastani jithok têgêsipun namung puji thok.
Dewa ingkang damêl cahya murub nyrambahi badan, têgêsipun incêngên aneng
cêngêlmu. Jiling punika puji eling marang Gusti. Punuk têgêsipun panakna.
Timbangan têgêsipun salang. Pundhak punika panduk, urip wontên ing ‘alam dunya
pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun
sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu gêsang, gêsang
langgêng ingkang botên sagêd pêjah. Têpak têgêsipun têpa-tapanira. Walikat:
walikane gêsang. Ula-ula: ulatana, lalarên gêgêrmu sing nggligir. Sungsum têgêsipun
sungsungên. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali
eling urip mati. Lêmpeng kiwa têngên têgêsipun tekadmu sing lêmpêng lair batin,
purwa bênêr lawan luput, bêcik lawan ala. Mata têgêsipun tingalana batin siji,
sing bênêr keblatira, keblat lor bênêr siji. Têngên têgêsipun têngênên ingkang
têrang, wontên ing dunya amung sadarmi ngangge raga, botên damêl botên tumbas.
Kiwa têgêsipun: raga iki isi hawa kêkajêngan, botên wênang ngêkahi pêjah.
Makatên punika ungêling sêrat. Manawi paduka maibên, sintên ingkang damêl raga?
Sintên ingkang paring nama? inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibên,
paduka têtêp kapir, kapiran seda paduka, botên pitados dhatêng sêratipun Gusti,
sarta murtat dhatêng lêluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajêng sela, dados
dhêmit têngga siti, manawi paduka botên sagêd maos sastra ingkang wontên ing
badanipun manusa, saseda paduka manjalma dhatêng kuwuk, dene manawi sagêd sagêd
maos sastra ingkang wontên ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang,
kasêbut ing sêrat Anbiya, Kanjêng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pêjah
wontên ing kubur, lajêng tangi malih, gêsangipun gantos roh lapis enggal,
gantos makam enggal. Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu
lajêng Islam sadaya. Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup lan
kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal, inggih nglêbêt inggih jawi, dados
kantun sasêdya-kula kemawon, ngadam utawi wujud sagêd sami sanalika, manawi
kula kêpengin badhe wujud, inggih punika wujud-kula, sêdya ngadam, inggih sagêd
ical sami sanalika, yen sêdya maujud sagêd katingal sanalika. Raga-kawula
punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi
paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking
pajaripun ngantos sampun botên katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma
nglimputi badan, botên ênem botên sêpuh, botên pêjah botên gêsang, gêsangipun
nglimputi salêbêting pêjahipun, dene pêjahipun nglimputi salêbêting gêsangipun,
langgêng salaminipun”.
Sang Prabu ndangu: “Ana ing ngêndi Pangeran Kang Sajati?”
Sabdapalon matur: “Botên têbih botên cêlak, paduka
wayangipun wujud sipating suksma, dipunanggêp sarira tunggal, budi hawa badan,
tiga-tiga punika tumindakipun; botên pisah, nanging inggih botên kumpul. Paduka
punika sampun Ratu linuhung tamtu botên badhe kêkilapan dhatêng atur-kula
punika”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Apa kowe ora manut agama?”
Sabdapalon ature sêndhu: “Manut agami lami, dhatêng agami
enggal botên manut! Kenging punapa paduka gantos agami têka botên nantun kula,
paduka punapa kêkilapan dhatêng nama kula Sabdapalon? Sabda têgêsipun pamuwus,
Palon: pikukuh kandhang. Naya têgêsipun ulat, Genggong: langgêng botên ewah.
Dados wicantên-kula punika, kenging kangge pikêkah ulat pasêmoning tanah Jawi,
langgêng salaminipun.”
Sang Prabu ngandika: “Kapriye iki, aku wis kêbacut mlêbu
agama Islam, wis disêkseni Sahid, aku ora kêna bali agama Buddha maneh, aku
wirang yen digêguyu bumi langit.”
Sabdapalon matur maneh: “Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula
botên tumut-tumut.” Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang
surasane ora prêlu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya
bangêt, sarta matur yen arêp nyipta banyu kang ana ing beji, prêlu kanggo
tandha yêkti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda
wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantêp marang agama Rasul, nanging yen
gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan
Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu sêndhang banjur dadi wangi
gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis
kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantêp marang agama Rasul, amarga banyu
sêndhang gandane wangi. (11)
Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kasêkten punapa? kasêktening
uyuh kula wingi sontên, dipunpamerakên dhatêng kula. Manawi kula timbangana
nama kapilare, mêngsah uyuh-kula piyambak, ingkang kula rêbat punika? Paduka
sampun kêlajêng kêlorob, karsa dados jawan, irib-iriban, rêmên manut
nunut-nunut, tanpa guna kula êmong, kula wirang dhatêng bumi langit, wirang
momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal, botên
rêmên momong paduka. Manawi kula sumêdya ngêdalakên kaprawiran, toya kula-êntut
sêpisan kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka botên pitados, kang kasêbut
ing pikêkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah wedang
sanginggiling rêdi rêdi Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung ngideni
kemawon, ing wêkdal samantên tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking
agênging latu ingkang wontên ing ngandhap siti, rêdi-rêdi sami kula êntuti,
pucakipun lajêng anjêmblong, latunipun kathah ingkang mêdal, mila tanah Jawi
lajêng botên goyang, mila rêdi-rêdi ingkang inggil pucakipun, sami mêdal
latunipun sarta lajêng wontên kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika
inggih kula ingkang damêl, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang
damêl bumi lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sagêd matur
piyambak dhatêng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yêktos, manawi sampun santun agami
Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apês, Jawi kantun jawan,
Jawinipun ical, rêmên nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening
tiyang Jawi ingkang mangrêti.
Cobi paduka-yêktosi, benjing: sasi murub botên tanggal, wiji
bungkêr botên thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanêma thukul mriyi, namung
kangge têdha pêksi, mriyi punika pantun kados kêtos, amargi paduka ingkang
lêpat, rêmên nêmbah sela. Paduka-yêktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun,
wêwah bênter awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rêmên dora, kêndêl
tindak nistha tuwin rêmên supata, jawah salah masa, damêl bingungipun kanca
tani. Wiwit dintên punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa
anggenipun sami gantos agami. Benjing yen sampun mrêtobat, sami engêt dhatêng
agami Buddha malih, lan sami purun nêdha woh kawruh, Dewa lajêng paring
pangapura, sagêd wangsul kados jaman Buddha jawahipun”.
Sang Prabu mirêng ature Sabdapalon, ing batos rumaos
kaduwung bangêt dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora
ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen ênggone mlêbêt agama Islam
iku, amarga kêpencut ature putri Cêmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam
iku, jarene besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.
Sabdapalon matur, angaturake lêpiyan, yen wiwit jaman kuna
mula, yen wong lanang manut wong wadon, mêsthi nêmu sangsara, amarga wong wadon
iku utamane kanggo wadhah, ora wênang miwiti karêp, Sabdapalon akeh-akeh
ênggone nutuh marang Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga
barang wis kêbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi
kêkêncênganing tekadmu? Yen aku mono ênggonku mlêbu agama Islam, wis disêkseni
dening si Sahid, wis ora bisa bali mênyang Buddha mêneh”.
Sabdapalon matur yen arêp misah, barêng didangu lungane
mênyang ngêndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung nêtêpi
jênênge Sêmar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu
diaturi ngyêktosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajênêng tuwa, agêgaman kawruh,
iya iku sing diêmong Sabdapalon, wong jawan arêp diwulang wêruha marang bênêr
luput.
Sang Prabu karsane arêp ngrangkul Sabdapalon lan
Nayagenggong, nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta
nênggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Ing besuk nagara
Blambangan salina jênêng nagara Banyuwangi, dadiya têngêr Sabdapalon ênggone
bali marang tanah Jawa anggawa momongane. Dene samêngko Sabdapalon isih
nglimput aneng tanah sabrang”. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nêngêri banyu
sêndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam
ganti agama Kawruh.
Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung loro kang siji diiseni
banyu tawa, sijine diiseni banyu sêndhang. Banyu sêndhang mau kanggo tandha,
yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung
sawise diiseni banyu, banjur disumpêli godhong pandan-sili, sabanjure digawa
sakabate loro.
Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan
Kalijaga lan sakabate loro, tindake kawêngen ana ing dalan, nyare ana ing
Sumbêrwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi, nuli mbanjurake
tindake, wayah surup srêngenge, wis têkan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana
ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbu diganda isih wangi, Sang Prabu
mbanjurake tindake.
Barêng wis wayah surup srêngenge, têkan ing Bêsuki, Sang
Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine,
Sang Prabu banjur nêrusake tindake nganti wayah surup srêngenge, têkan ing
Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawêngi, esuke banyune ditiliki, banyune
tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari
sathithik, amarga kêrêp diunjuk ana ing dalan, dene banyune sêndhang barêng
ditiliki gandane dadi bangêr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika
marang Sunan Kalijaga: “Prabalingga ing besuk jênênge loro, Prabalingga karo
Bangêrwarih 12 ing kene besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang
padha ngudi kawruh kapintêran lan kabatinan, Prabalingga têgêse prabawane wong
Jawa kalingan prabawane tangga”. Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung
dinane, wis têkan ing Ampelgadhing. Nyai Agêng Ampelgadhing tumuli mêthukake
banjur ngabêkti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh sêsambate.
Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja nangis êngger, mupusa
yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe
mung sadarma nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis aneng lokhilmakful. Bêgja
cilaka ora kêna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kêpengin mênyang
ilmu”.
Nyai Agêng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake
patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut ing ngarêp. Sang
Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mênyang Dêmak
nggawa layang, satêkane ing Dêmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun,
ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mênyang Ampel.
Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden
Bondhankajawan ing Tarub, mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati
Dêmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan mênyang ngêndi
tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake
Raden Bondhankajawan namur kula, nungsung warta ing ngêndi dununge ingkang
rama, satêkane Surabaya, mirêng warta yen ingkang rama Sang Prabu têdhak ing
Ampel, nanging banjur gêrah, Raden Bondhankajawan nuli sowan ngabêkti.
Sang Prabu ndangu: “Sing ngabêkti iki sapa?”
Raden Bondhankajawan matur yen panjênêngane kang ngabêkti.
Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gêrahe Sang Prabu
sangsaya mbatêk, ngrumaosi yen wis arêp kondur marang jaman kalanggêngan,
pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nyêdhaka mrene, aku wis
arêp mulih marang jaman kalanggêngan, kowe gaweya layang mênyang Pêngging lan
Pranaraga, mêngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake Majalêngka,
aja padha ngrêbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja
padha pêrang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking
wadya-bala, sebaa marang Dêmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti
ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apêsa.”
Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise rampung banjur
ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang Pêngging lan
Pranaraga.
Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid, sapungkurku kowe sing
bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune êmongên,
manawa ana bêgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake lajêre tanah Jawa, lan
maneh wêkasku marang kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggêngan,
sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal
sun-paringi jênêng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja
Putri Cêmpa, lan maneh wêlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya
bangsa, aja gawe senapati pêrang wong kang seje bangsa.”
Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: “Punapa
Sang Prabu botên paring idi dhatêng ingkang putra Prabu Jimbun jumênêngipun
Nata wontên ing tanah Jawi?”
Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi idi, nanging mung mandhêg
têlung turunan.”
Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh têgêse araning bakal
pasareyane Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Sastra têgêse tulis, Wulan têgêse
damaring jagad, tulise kuburku mung kaya gêbyaring wulan, yen isih ana
gêbyaring wulan, ing têmbe buri, wong Jawa padha wêruh yen sedaku wis ngrasuk
agama Islam, mula tak-suwurake Putri Cêmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah,
sarta wis ora dianggêp priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku,
mulane ênggonku mangêni madêge Ratu mung têlung turunan, amarga si Patah iku
wiji têlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake,
mula wêkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di
seje bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku
paring piwêling aja gawe senapati pêrang wong kang seje jinis, mundhak
ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis
Sahid, kabeh pitungkasku, tulisên.”
Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur
sidhakêp, têrus seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing
Majapahit, katêlah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang
Putri Cêmpa, dene mungguh satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana ing Tuban,
dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning.
Barêng wis têlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya,
kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Agêng.
Nyai Agêng ngandika: “Wis bêgjane Prabu Jimbun ora nungkuli
sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabêkti sarta nyuwun idi ênggone jumênêng
Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang wis kêlakon”.
Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng, iya mung mupus
pêpêsthen, barang wis kêbacut iya mung kudu dilakoni.
Sultan Dêmak ana ing Ampel têlung dina lagi kondur.
Kacarita Adipati Pêngging lan Pranaraga, iya iku Adipati
Andayaningrat ing Pêngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis padha mirêng
pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, nanging ênggone mbêdhah
sinamun sowan riyaya, dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos
saka praja, ora karuhan jujuge ana ing ngêndi, Adipati Pêngging lan Adipati
Pranaraga bangêt dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sumêdya
nglurug pêrang marang Dêmak, labuh bapa ngrêbut praja, para wadya-bala wis
rumanti gêgamaning pêrang pupuh, mung kari budhale bae, kasaru têkane utusane
Sang Prabu maringake layang. Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga sawise
tampa layang lan diwaos, layang banjur disungkêmi kanthi bangêt ing pamuwune
lan bangêt anjêntung panggalihe, tansah gedheg-gedheg lan gêrêng-gêrêng, wajane
kêrot-kêrot, surya katon abang kaya gêni, lan kawiyos pangandikane sêru, kang
surasane nyupatani marang panjênêngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak
ndêdawa wirang.
Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang Dêmak,
amarga saka putêking panggalihe banjur padha gêrah, ora antara lawas padha
nêmahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga
padha ditênung dening Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngribêdi ing têmbe buri.
Mula carita bêdhahe Majapahit iku mung dicêkak, ora satimbang karo gêdhene
nagara sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka wêwadining ratu, putra mungsuh
bapa, yen dirasa satêmêne saru bangêt. Mula carita bêdhahe Majapahit sinêmonan
dening para pujangga wicaksana, mangkene pasêmone:
1] Amarga saka kramate para Wali, kêrise Sunan Giri ditarik mêtu tawone
ngêntupi wong Majapahit.
[2] Sunan Cirêbon badhonge mêtu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan
bêkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga wêruh akehing tikus.
[3] Pêthi saka Palembang ana satêngahing paprangan dibukak mêtu dhêmite, wong
Majapahit padha kagegeran amarga ditêluh ing dhêmit.
[4] Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.
Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran
Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau mung pasêmon,
mungguh sanyatane, carita bêdhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing
ngarêp. Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa
rusak mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka dipangan
ing wong. Alas angkêr akeh dhêmite, bubaring dhêmit yen alase dirusak dening
wong, arêp ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon
lan dhêmit, sapa kang ngandêl yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan
dhêmit, iku pratandha yen wong mau ora landhêp pikire, amarga carita kang
mangkono mau kalêbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine,
mula mung kanggo pasêmon, yen dilugokake jênênge ambukak wadine Majapahit, mula
mung dipralambangi pasêmon kang orang mulih karo nalare. Dene têgêse pasêmon
mau mangkene:
Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur
ngrêbda, têgêse: para ‘ulama dhek samana, nalika lagi têkane nyuwun panguripan
marang sang Prabu ing Majapahit, barêng wis diparingi, piwalêse ngrusak. Tawon
iku nggawa madu kang rasane manis, gêgamane ana ing silit, dene panggonane ana
ing gowok utawa tala, têgêse: maune têkane nganggo têmbung manis, wusana
ngêntup saka ing buri, dene tala têgêse mêntala ngrusak Majapahit, sapa kang
ngrungu padha gawok.
Dene dhêmit diwadhahi pêthi saka Palembang, barêng dibukak
muni jumêglug, têgêse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, pêthi
têgêse wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang samar, dhêmit têgêse
samar, rêmit, rungsid, dhêmit iku uga tukang nêluh. Mungguh gênahe mangkene:
bêdhahe nagara Majapahit sarana ditêluh kalayan primpên lan samar, nalika arêp
pambêdhahe ora ana rêmbag apa-apa, samudanane mung sowan garêbêgan, dadi
dikagetake, mula wong Majapahit ora sikêp gêgaman pêrang, wêruh-wêruh Adipati
Têrung wis ambantu Adipati Dêmak.
Kuna-kunane ora ana praja gêdhe kaya Majapahit bêdhahe mung
saka diêntup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong
sapraja mung saka ditêluh ing dhêmit.
Bêdhahe Majapahit swarane jumêgur, kêprungu saka ing
ngêndi-êndi nagara, yen bêdhahe saka binêdhah dening putra, iya iku Wali wolu
utawa Sunan wolu kang padha dimêmule wong Jawa, sangane Adipati Dêmak, kabeh
mau padha mbalela mbalik.
Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku
Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit bêdhah, manuk kuntul iku durung ana
kang nganggo kucir, barêng nagara wis ngalih marang Dêmak, kahanan ing dunya
nuli malih, banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.
Prabu Brawijaya sinêmonan ing gaib: kêbo kombang atine êntek
dimangsa tuma kinjir, kêbo têgêse ratu sugih, kombang têgêse mênêng swarane
kang mbrêngêngêng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe têlas nalika bêdhahe
Majapahit, kajaba mung kendêl gêrêng-gêrêng bae, ora karsa nglawan pêrang, dene
tuma kijir iku tumane celeng, tuma têgêse tuman, celeng iku iya aran andhapan,
iya iku Raden Patah nalika têkane ana ing Majapahit sumungkêm marang ingkang
rama Sang Prabu, ing wêktu iku banjur diparingi pangkat, têgêse oleh ati saka
Sang Prabu, wusana banjur mukul pêrang ngrêbut nagara, ora ngetung bênêr utawa
luput, nganti ngêntekake panggalihe Sang Prabu.
Dene kuntul nganggo kucir iku pasêmone Sultan Dêmak, ênggone
nyêri-nyêri marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buddha kawak kapir
kupur, mulane Gusti Allah paring pasêmon, githok kuntul kinuciran, têgêse:
tolehên githokmu, ibumu Putri Cina, ora kêna nyêri-nyêri marang wong seje
bangsa, Sang Prabu Jimbun iku wiji têlu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu
Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun gêdhe panggalihe melik jumênêng Nata, mulane
melik ênggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene ênggone kêndêl nanging
tanpa duga iku saka wijine Sang Arja Damar, amarga Arja Damar iku ibune putri
raksasa, sênêng yen ngokop gêtih, pambêkane siya, mula ana kuntul nganggo kucir
iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan Dêmak dhewe bae kang didhawuhi
ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali liyane uga didhawuhi
ngrumasani, yen ora padha gêlêm ngrumasani kaluputane, dosane lair batin, mula
jênênge Wali ditêgêsi Walikan: dibêciki malês ngalani.
Dene anane bangsa Cina padha nênêka ana ing tanah Jawa iku
dêdongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh
kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana
ing tanah China, mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi
suksmane bangsa mau, iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.
Darmagandhul matur: “kiyai! Kang diarani agama Srani iku
kang kaya apa?”
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake: “Kang diarani agama Srani
iku têgêse sranane ngabêkti: têmên-têmên ngabêkti marang Pangeran, ora nganggo
nêmbah brahala, mung nêmbah marang Allah, mula sêbutane Gusti Kanjêng Nabi ‘Isa
iku Putrane Allah, awit Allah kang mujudake, mangkono kang kasêbut ing kitab
Anbiya”.
Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.
Sultan Dêmak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang
Maha Kuwasa, mula banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli sowan andêdagan ana
ing pasareyane ingkang rama, barêng wis antara têlung dina lawase, kaprênah
pusêring kuburan tanpa sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane irêng
sêmu abang dalah godhong sarta kêmbange, loro wit sarta kêmbange putih godhonge
sêdhêngan, têlu wit kang godhonge ngrêmbuyut mubêng kaya payung, papat wit kang
godhonge lêmbut sarta mawa êri, lan wêktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu
kêprungu ana swara dumêling, mangkene ujaring swara: “Êntek katrêsnanku marang
anak. Den enak mangan turu. Ana gajah digêtak kaya kucing, sanajan matiya ing
tata-kalairane, nanging lah eling-elingên ing besuk, yen wis agama kawruh, ing
têmbe bakal tak-walês, tak-ajar wêruh ing nalar bênêr lan luput, pranatane
mêngku praja, mangan babi kaya dhek jaman Majapahit.”
Sultan Dêmak mirêng swara dumêling kang surasane mangkono
iku, ing batos bangêt kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula nganti suwe
njêgrêg ora bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene nuruti rêmbuge para Sunan
kabeh, nganti wani mungsuh ingkang rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi
masa iku anane wit-witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi
pasêmon kabeh, iya iku Tlasih, Sêmboja, Turugajah lan Gêtakkucing. Mula nganti
tumêka saprene wit Sêmboja panggonane ana ing kuburan, kêmbang Tlasih kanggo
ngirim para lêluhur, godonge Gêtakkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge
uga banjur mingkup kaya dene godhong Gêtakkucing.
Sawise mangkono, Sultan Dêmak banjur kondur, sakondure saka
pasareyane ingkang rama, bangêt panalangsane ing dalêm batos, tansah ngrumaosi
ing kalêpatane.
Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinêmonan dening
Kang Maha Kuwasa, mula uga bangêt panalangsane sarta ngrumaosi kaluputane, mula
banjur mangagêm sarwa wulung, beda karo para Wali liyane isih padha manganggo sarwa
putih. Kabeh mau ora padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak
rumaos yen kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula bangêt mrêtobate, wasana
banjur pinaringan pangapura dening Allah, sinêmonan wiwit anane orong-orong
githoke tumêka ing punuk disêsêli tataling kayu jati, mungguh karêpe: punukmu
panakna, sajatining ‘ilmu iku ora susah maguru marang wong ‘Arab, ‘ilmuning
Gusti Allah wis ana ing githokmu dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu
puji jatining kawruh, kang ngawruhi sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating
Pangeran, manusa bisa apa, mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang
ngobahake, sabda iku mêtu saka ing karêp, karêp mêtu saka ing budi, budi iku
Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis samêkta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa
luwih sarta ora arah ora ênggon.
Kiyai kalamwadi nutugake caritane: “Kandhane guruku Rahaden
Budi Sukardi mangkene: mungguh kang katarima, muji marang Allah iku, iku
sindhenan Dharudhêmble. Têmbung dhar iku têgêse wudhar, ru iku têgêse ruwêt
sulit lan rungsit, dene dhêmble têgêse dhêmbel dadi siji, yen wis sumurup
têpunge sarat sari’at tarekat hakekat lan ma’rifat, iku mau wis muji tanpa
ngucap, sarak iku sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan manggaota,
sari’at iku saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan nandhing
bênêr lan luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning Allah, kang ngobahake sarta
ngosikake rasane budi, wêruh ora kasamaran ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngrêti
marang têgêse Dharudhêmble, mêsthi wis marêm marang kawruhmu dhewe. Mangan woh
kawruh lan budi, sêmbahe kaya wêsi kang dilabuh ana ing gêni ilang abange mung
rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji, dhêmble wujud
siji. Yen kowe wis bisangawruhi surasane kang tak-kandhakake iki, jênênge munajad.
Saupama wong nulup manuk, yen ra wêruh prênahe manuke, masa kênaa, ênggone
nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pintêr ora angel yen disawang, mêtune saka
ing utêk”.
Darmagandhul matur, nyuwun ditêrangake bab ênggone Nabi Adam
lan Babu Kawa padha kêsiku dening Pangeran, sabab saka ênggone padha dhahar
wohe kayu Kawruh kang ditandur ana satêngahing taman Pirdus. Ana maneh kitab
kang nêrangake, kang didhahar Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang
ditandur ana ing swarga. Mula nyuwun têrange, yen ing kitab Jawa caritane
kapriye, kang nyêbutake kok mung kitab ‘Arab lan kitabe wong Srani.
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kitabe wong Jawa ora
nyêbutake bab mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang nyêbutake turun
Adam, iya kitab Manik Maya.
Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: “Sawise buku-buku
pathokan agama Buddha diobongi, amarga mundhak ngrêribêdi agama Rasul, sanadyan
buku kang padha disimpêni dening para wadya, iya dipundhut banjur diobongi,
nalika sabêdhahe Majapahit, sapa kang durung gêlêm nganggo agama Islam banjur
dijarah rajah, mula wong-wong ing kono padha wêdi marang wisesaning Ratu. Dene
wong-wong kang wis padha gêlêm salin agama Rasul, banjur padha diganjar pangkat
utawa bumi sarta ora padha nyangga pajêg, mulane wong-wong ing Majapahit banjur
padha ngrasuk agama Islam, amarga padha melik ganjaran. Ing wêktu iku Sunan
Kalijaga, kagungan panggalih, caritane lêluhure supaya aja nganti pêdhot,
banjur iyasa wayang, kanggo gantine kitab-kitab kuna kang wis padha diobongi.
Ratu Mataram uga mangun carita sajarahe para lêluhur Jawa, buku-buku sakarine,
kang isih padha disimpên uga padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh,
Sang Nata ing Mataram andangu para wadya, nanging wis padha ora mênangi, wiwit
Kraton Gilingwêsi nganti tumêka Mataram wis ora kasumurupan caritane, buku-buku
asli saka ing Dêmak lan Pajang padha dipriksa, nanging tinêmu tulisan ‘Arab,
kitab Pêkih lan Taju-salatina apa dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula
Sang Prabu ing Mataram kewran panggalihe ênggone kagungan karsa iyasa babad
carita tanah Jawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang para pujangga, andikakake
padha gawe layang Babad Tanah Jawa, ananging sarehne kang gawe Babad mau ora
ngêmungake wong siji bae, mula ora bisa padha gaweyane, kang diênggo pathokan
layang Lokapala, mungguh caritane kaya kang kasêbut ing ngisor iki”.
Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid
Anwar. Sayid Anwar didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga wani- wani
mangan wohe wit kayu Budi sêngkêrane Pangeran kang tinandur ana ing swarga.
Ciptane Sayid Anwar supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran,
ora narima yen mung mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi
kang disuwun. Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa ngagêm agamane
ingkang rama lan ingkang eyang, dadi murtat sarta nampik agamane lêluhure,
mangkono uga karsa ngakoni yen turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku
dadi saka dadine piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka
budi hawaning Pangeran. Ênggone Kagungan pamanggih mangkono mau diantêpi
bangêt, jalaran mangkene: asal suwung mulih marang sêpi, bali marang asale
maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga nuruti karêping atine, lakune mangetan
nganti tumêka ing tanah Dewani, ana ing kono banjur kêtêmu karo ratuning jin
arane Prabu Nuradi, Sayid Anwar ditakoni iya banjur ngandharake lêlakone kabeh,
wusanane Sayid Anwar diêpek mantu sarta dipasrahi kaprabon, ngratoni para jin,
jêjuluk Prabu Nurcahya, wiwit jumênênge Prabu Nurcahya, jênênge nagara banjur
diêlih dadi aran nagara Jawa. Misuwure, kang jumênêng Nata, Jawa jawi ngrêti
kawruh agal alus. Sawise iku Sang Prabu banjur nganggit sastra mung salikur
aksara, saucaping wong Jawa bisa kaucap, dijênêngake Sastra Endra Prawata.
Têmbung Jawa, ditêgêsi: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa rowa,
saturun-turune bisaa jumênêng Nata mêngkoni tanah Jawa. Sang Prabu putrane siji
pêparab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin putrane mung siji iya iku
Sang Hyang Wênang. Sang Hyang Wênang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga
mung siji kakung pêparab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang Hyang
Tunggal pêputra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang Hyang Nurcahya, kang
padha didhahar woh wit kayu Budi. Sang Hyang Guru kagungan pangraos yen
kuwasane padha karo Gusti Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking
Mahameru, sarta ngakoni yen purwaning dumadi mêtune asal saka budi hawa nêpsu.
Aran Dewa ngaku misesani mujudake sipat roh, agamane Buddha budi, mangeran
digdayane sarta ngaku Gusti Allah. Sêdya kang mangkono mau iya diideni dening
Kang Maha Kuwasa, sarta kalilan nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku
wêrdine ana loro têgêse: budi hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha.
Sêbutan Dewi: têgêse: dening wadining wadon iku bisa ngêtokake êndhas bocah.
Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang bênêr kang êndi,
mangan woh wit kayu Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit Kuldi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya bênêr, sênêngan
salah siji êndi kang disênêngi, diantêpi salah siji aja nganti luput. Yen kang
dipangan woh wit kayu Budi, agamane Buddha budi, panyêbute marang Dewa; manawa
mangan woh wit kawruh, pênyêbute marang Kangjêng Nabi ‘Isa, agamane srani, yen
sênêng mangan woh wit kayu Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi panutan; iya
iku Gusti Kangjêng Nabi Rasul; dene yen dhêmên Godhong Kawruh Godhong Budi,
panêmbahe marang Pikkong, sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine
aja nganti luput. Yen bisa woh-wohan warna têlu iku mau iya dipangan kabeh, yen
wong ora mangan salah sijine woh mau, mêsthine banjur dadi wong bodho, uripe
kaya watu ora duwe kêkarêpan lan ora mangrêti marang ala bêcik. Dene mungguh
bêcike wong urip iku mung kudu manut marang apa alame bae, dadi ora aran
siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar woh Budi, iya melu mangan woh Budi,
yen Kalifah dhahar woh kawruh, iya melu mangan who kawruh, yen kalifah dhahar
woh Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi. Dene prakara bênêr utawa lupute, uki
Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne diênut wong akeh, dadi Panutan kudu kang
bênêr, amarga wong dadi Panutan iku saupama têtuwuhan minangka wite. Yen wong
ora gêlêm manut marang kang bênêre kudu diênut, iku kaya dene iwak kang mêtu
saka ing banyu. Saupama woh ora gêlêm nempel wit, mêsthi dadi glundhungan kang
tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi marang agamane kang
nurunake, amarga sanadyan saupama ana salahe, Gusti Allah mêsthi paring
pangapura. Darmagandhul matur nyuwun têrange agama Rasul lan liya-liyane,
mungguh kang dadi bedane apa?
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake beda-bedane, yen saka
dhawuhe kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur
akeh kang kliru muja marang barang kang katon, kaya ta kêris, tumbak, utawa
liya-liyane barang. Kang kaya mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur
mangeran marang wujud, satêmah lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang
barang rêrupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe
agama mêsthi duwe dosa, mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang
akeh. Dene kang bisa nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku
tekad suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang êning, iya iku
minangka aduse manusa, bisa ngrêsiki lair batine. Yen wong luwih, ora
ngarêp-arêp munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka
sapadhane, aja nganti nêmu sangsara, bisaa duwe jênêng kang bêcik, sinêbut kang
utama, bisaa nikmat badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing
alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prêlu dirêsiki,
dirêngga ing tekad kang utama, supaya aja ngrêribêdi ana ing donyane, bisaa
slamêt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nêraka iku, pancadan
kang tumuju marang kabêgjan utawa kacilakan. Yen bêcik narik raharja, yen ala
ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, mêsthi mlêbu yomani. Yen bêcik, bisa
tampa ganjaran.
Darmagandhul matur maneh, nyuwun têrange, manusa ing dunya
wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, ‘Arab,
Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune kêpriye, dalah
têgêse sarta cacahing aksarane kok uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara
warna siji bae?
Kyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kabeh-kabeh mau wis
dadi karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para
kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa
diparingi wahyu kaelingan, bisa mêthik who Kawruh lan woh Budi, pamêthike
sapira sagaduke. Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing
jêro, lan manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa
anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi ênggone nggayuh iya mung
sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud,
dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya wong bisa wêruh, mula jênênge
dalwang, têgêse mêtu wangune, mangsi têgêse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi
mangsi, mêsthi banjur mêtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jênêng kalam,
amarga kawruhe anggawa alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku
wajib dipangan, supaya sugih pangrêten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrêti
sastra paringe Gusti Allah, mêsthi ora mangêrti marang wangsit. Auliya Gong Cu
kumênthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa,
sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki
cacahe, mung aksara Cina kang akeh bangêt cacahe, nanging unine pelo, amarga
Auliya kang nganggit kêsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh
wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mêksa nganggo
kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kêsusu tampa panglulu
nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, jênênge sastra godhong.
Godhonge wit Budi lan wit Kawruh, dipêthik saka sathithik, ditata dikumpulake,
banjur dianggit kanggo sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kêsiku,
amarga arêp gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa ênggone
mangan woh wit kayu Budi nganti warêg, mula ênggone nganggit aksara iya
dipathoki cacahe. Auliya Arab ênggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangêt.
Dene ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane
Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe, mulane unine iya cêtha,
sastrane ora ana kang padha.
Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane
para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring budine kang êndi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bênêr, nanging
anggêr mêtu saka budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa
nyukupi, iku mratandhani yen luwih pintêr tinimbang karo liya-liyane.
Kiyai Kalamwadi ngandika: “Yen manusa arêp wêruh sastrane
Gusti Allah, tulisan mau ora kêna ditonton nganggo mripat lair – kudu ditonton
nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji,
nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen ndêlêng kudu nganggo ati kang
bêning, ora kêna kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang mêlêng
ênggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane”.
Kiyai Kalamwadi lênggah diadhêp garwane aran Endhang
Prêjiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi
paring piwulang marang garwane, dadi nêtêpi jênênge priya kudu mulang muruk
marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang
kanggo yen wis tumêka ing pati, ing wong sêsomahan iku. Kang wadon diupamakake
omah, sanadyan kahanane wis sarwa bêcik. Nanging sabên dinane isih kudu
dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen
dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing kono wis ana
pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora mêtu ing lesan, mung
paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur.
Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Sarehne aku iku wong cubluk,
dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung arêp pitakon marang ragamu,
amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe”.
Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki.
Tanganmu kiwa iku wis anggawa têgês dhewe, lan wis dadi piwulang kang bêcik lan
nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. Têmbung
ki: iku têgêse iki, wa: têgêse wêwadhah, ragamu iku di’ibaratake prau, prau
dadi ‘ibarate wong wadon, wong têgêse ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah,
dene isine mung têlung prakara, iya iku: “kar-ri-cis”. Yen prau wis isi têlung
prakara iku, wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene têgêse
kar-ri-cis iku mangkene.
1. Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa
nêtêpi lanange, mêsthi wong wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu slamêt
ênggone jêjêdhowan.
2. Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong
wadon, yen wong lanang wis bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa têntrêm
ora goreh.
3. Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang
wis bisa aweh dhuwit kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm, tak baleni
maneh, cis têgêse bisa goreh atine.
Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung
prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan têngên têgêse etungên
panggawemu, sabên dina sudiya,
sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang
anggone golek sandhang pangan.
Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong
lanang, tumrap nindakake samubarang kang prêlu.
Sikut têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput.
Ugêl-ugêl têgêse sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha trêsnane iya ora
bisa pêdhot. Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang, awit wong
wadon iku yen wis laki, jênênge banjur melu jênênge kang lanang. Iya iku kang
diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita, curigane jênênge wong
lanang.
Rajah (ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe
marang guru-lakine dikaya dene panganggêpe marang raja.
Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu
nganggo pagêr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama, dene driji
kabeh mau ana têgêse dhewe-dhewe.
Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane,
iku kang gampang gêtas rênyah kaya dene êmpoling klapa.
Driji panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang
priya.
Driji panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang
priyane, supaya nyupangati bêcik.
Driji manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan
kang manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.
Jênthik, têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara
limane wong lanang, mula kudu sêtya tuhu marang priyane.
Kuku têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja
nganti kêndho tapihe.
Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang
lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrêksa, apa
dene kudu nyingkiri padudon.
Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi
bisa slamêt sarta akeh têntrême.
Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang
dipangandikakake bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka pangandikane kiyai
Kalamwadi, wong jêjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti
tumindak kang ora bênêr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan
dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong jêjodhowan, yen gampang luwih gampang,
nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput pisan kêna pisan,
yen wis luput, ora kêna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah
eling yen winêngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur
ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane
wong jêjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging
samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair
batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan
dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku
mêsthi ora bisa nêmu lêlakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga
tumindaking badan mung manut karêping ati, awit ati iku dadi ratuning badan.
Wong jêjodhowan di’ibaratake prau kang gêdhe, lakuning prau manut satang lan
kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine salah, prau ora bêcik lakune.
Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ngêmudheni, sanadyan bêcik
ênggone ngêmudheni, nanging yen kang nyatang ora bênêr, lakune prau iya ora
bisa jêjêg, sarta bisa têkan kang disêdya, amarga kang padha nglakokake padha
karêpe, dadi têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha karêpe, mula kudu rukun, rukun
iku gawe karaharjan sarta mahanani katêntrêman, ora ngêmungake wong jêjodhowan
kang rukun bae, kang oleh katêntrêmaning ati, sanadyan tangga têparone iya melu
têntrêm, mula wong rukun iku bêcik bangêt.
Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara:
(1) Mulya saka jênêng.
(2) Mulya saka bandha.
(3) Mulya saka sugih ‘ilmu.
(4) Mulya saka kawignyan.
Kang diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa
oleh kabêgjan kang gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung kanggo awake dhewe,
kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan
mulya saka ênggone sugih ‘ilmu, lan mulya saka kapintêran, iku ana ngêndi bae,
iya akeh rêgane.
Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:
(1) Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi
iya melu rusak.
(2) Rusaking raga, iya iku wong lara.
(3) Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.
(4) Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong bodho lumrahe gampang
nêpsune.
Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong
kang sêgêr kawarasan sarta kacukupan, apa dene têntrêm atine.
Wong urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng
kang bêcik, kanggo têtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing têmbene”.
Ki Darmagandhul matur lang nyuwun ditêrangake bab anane wong
ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku satêmêne pintêr kang êndi, amarga
wong akeh panêmune warna-warna tumrape bab iku.
Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Wong kuna lan wong saiki, iku
satêmêne iya padha pintêre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang
durung bisa mujudake kapintêrane, mula katone banjur kaya dene ora pintêr. Ana
dene wong ing jaman saiki ênggone katon luwih pintêr iku amarga bisa mujudake
kapintêrane. Wong ing jaman kuna kapintêrane iya wis akeh, dene kang mujudake
iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintêrane wong ing jaman kuna,
mêsthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang kanggo têtuladhan, amarga
kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing
jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, êndi kang kurang bêcik banjur
dibêcikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa
iku rumasa pintêr, iku têgêse ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung
sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang
murba. Yen kowe arêp wêruh wong kang pintêr têmênan, dununge ana wong wadon
kang nutu sabên dina, tampahe diiseni gabah banjur diubêngake sadhela, gabah
kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud bêras mênir sarta
gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. Têgêse: bêras yen
arêp diolah kudu dirêsiki dhisik, miturut kaya karêpe kang arêp olah-olah. Yen
kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, ênggone
nyilah-nyilahake bêras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang
mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa
marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning praja supaya uripmu
aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamêt, kowe bakal
dadi têtuwa, kêna kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratikêle wong
ngawula ing praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku
pintêr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintêr,
mundhak kêsiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kêna ginayuh
ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintêr isih
kalah pintêr karo wong pintêr liyane, utawa uga ana wong pintêr bisa kasoran
karo wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa,
manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha
Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane
Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra,
wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintêr. Mula
wêlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng
karo kamuksan”.
Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun têrange bab tilase
kraton Kêdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika:
“Sang Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri, dene kratone ana ing Daha,
kaprênah sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri prênahe ana sakuloning kali
Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata
putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika
ana ing daha, saikine jênênge desa Mênang, patilasane kadhaton wis ora katon,
amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung Kêlut, patilasan-patilasan mau wis
ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga wis sirna, dene
pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pagêdhongan uga wis sirna. Kang isih mung
rêca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, Têgalwangi, prênahe ing
sa-lor-wetane desa Mênang, lan rêca buta wadon, iya iku rêca kang diputung
tangane dening Sunan Benang nalika lêlana mênyang Kêdhiri, rêca mau lungguhe
madhêp mangulon, ana maneh rêca jaran awak siji êndhase loro, panggonane ana
ing desa Bogêm, wêwêngkon dhistrik Sukarêja, mula Sri Jayabaya yasa rêca,
mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)”.
Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu
Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog
dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barêng
ditakoni, lagi waleh yen sumêdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur
mriksani putri buta mau, barêng didangu iya matur kang dadi sêdyane. Sang Prabu
banjur paring pangandika mangkene: “Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa
Kang Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon
kene bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu,
nanging kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang”.
Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang
Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngêndi papan
matine putri buta mau dijênêngake desa Gumuruh. (11) Ora antara suwe Sri Jayabaya
banjur jasa rêca ana ing desa Bogêm. Rêca mau wujud jaran lagaran awak siji
êndhase loro, kiwa têngên dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya
sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang
surasane nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone Sang Prabu yasa rêca
mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring
pangandika, yen ênggone yasa rêca kang mangkono itu prêlu kanggo pasêmon ing
besuk, sapa kang wêruh marang wujude rêca iku mêsthi banjur padha mangrêti kang
dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Srênggi. Bogêm
têgêse wadhah bangsa rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku bangsa wadhah kang
winadi. Laren (12) kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran. Dene jaran sêngkêran
iya iku ngibaratake wong wadon kang disêngkêr. Sirah loro iku dadi pasêmone
wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal, sanadyan ora kurang
ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku têgêse tunggangan kang tanpa
piranti. Ing jaman besuk, kang kêlumrah wong arêp laki-rabi, ora nganggo idine
wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida
diêpek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.
Sang Prabu ênggone yasa candhi, prêlu kanggo nyêdhiyani yen
ana wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih
marang alam sêpi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh
ngurmati.
Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna.
Mula kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo
pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang,
aja suwe-suwe kaya mêmêdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.
Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta
Senapati Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang kêkasih Ni Mas Ratu
Pagêdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.
Buta Locaya banjur dadi ratuning dhêdhêmit ing Kêdhiri.
Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, dene Ni Mas Ratu Pagêdhongan banjur dadi
ratuning dhêdhêmit ana ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin.
Ana kêkasihe Sang Prabu Jayabaya, jênênge Kramatruna, nalika
Sri Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sêndhang Kalasan.
Sawise têlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan, kêkasih Lêmumbardadu iya
Sang Pujaningrat, jumênêng Nata ana ing Kêdhiri, kadhatone ana sakuloning
bangawan (3), kêdhi têgêse wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku
têgêse anggêp, kang paring jênêng iku Rêtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo
adate Sang Rêtna piyambak, amarga Sang Rêtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora
anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gêtihe wong kang mêtu.
Mula Kêdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug pêrang akeh mênange, nanging
yen dilurugi apês. Kang kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri iku gêdhe atine,
amarga kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene Rêtna Dewi Kilisuci
iku sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala. Sang Rêtna mau tapa ana ing guwa
Selamangleng, sukune gunung Wilis.
WUWUHAN KATÊRANGAN.
Kanjeng Susuhunan Ampeldênta pêputra ratu Fatimah, patutan
saka Nyai Agêng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang
Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing
manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah pêputra putri nama Nyai Agêng
Malaka, katêmokake Raden Patah.
Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan
saka putri Cêmpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang,
barêng Raden Patah wis jumênêng Nata, jêjuluk Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah
Kalifatu’lRasul Amiri’lMu’minin Rajudi’l'Abdu’l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya
‘Alam ing Bintara (Dêmak).
Putri Cêmpa nama Aranawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu
Brawijaya, pêputra têlu:
[1] Putri nama Rêtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing
Pêngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.
[2] Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati ing Madura.
[3] Isih timur rêmên marang laku tapa, nama Raden Gugur, barêng muksa kasêbut
nama Sunan Lawu.
Panênggak Putri Cêmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane
Jumadi’l Kubra I, patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih têdhake
Kangjêng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim, dêdalêm ana ing Jeddah, banjur
pindhah ing Cêmpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing Cêmpa, banjur kasêbut
nama Maulana Ibrahim Asmara, iku kang pêputra Susuhunan Ampeldênta Surabaya.
Dene putra Cêmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam,
nyakabat marang maulana Ibrahim, jumênêng Raja Pandhita ing Cêmpa anggênteni ingkang
rama, pêputra siji kakung kêkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri Cêmpa (garwa
Maulana Ibrahim), pêputra Sayid ‘Ali
Rachmat, ngêjawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta,
kasêbut Susuhunan Ampeldênta. Cêmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo
china).
Sayid Kramat kang kasêbut ing buku iki pêparabe Susuhunan ing Bonang (Sunan
Benang).
TAMAT
KATRANGAN:
(1) Kulon kutha Majakêrta lêt +/- 10 km.
(2) Pêlabuhane saiki aran: “Haipong”.
(3) Lor Stasiyun: Surabayakota “Sêmut”.
(4) Benang = Bonang ing Karêsidhenan Rêmbang.
(5) Tarik.
(6) Kulon kutha Kêdhiri.
(9) Akire Mênang didêgi pabrik gula arane iya pabrik Mênang,
stasiyune ing Gurah antarane Kêdhiri – Pare +/- 7 km. saka Kêdhiri.
(10) Kidul Majaagung lêt +/- 15-16 km. Saiki dicêluk desa Ngrimbi.
(11) Ing sacêlakipun pabrik Mênang, wontên dhusun nama Guruh.
1. mbok manawi ewah-ewahan saking Gumêrah-Gumuruh.
2. Gurah = gusah.
3. ngrêsiki gorokan.
(12) Laren = kalenan.
(13) Bangawan = Brantas.
Ramalan Sabdo Palon (jawa)
Sinom :
- Pada
sira ngelingana,
Carita ing nguni-nguni,
Kang kocap ing serat babad,
Babad nagri Mojopahit,
Nalika duking nguni,
Sang-a Brawijaya Prabu,
Pan samya pepanggihan,
Kaliyan Njeng Sunan Kali,
Sabda Palon Naya Genggong rencangira.
- Sang-a
Prabu Brawijaya,
Sabdanira arum manis,
Nuntun dhateng punakawan,
“Sabda palon paran karsi”,
Jenengsun sapuniki,
Wus ngrasuk agama Rosul,
Heh ta kakang manira,
Meluwa agama suci,
Luwih becik iki agama kang mulya.
- Sabda
Palon matur sugal,
“Yen kawula boten arsi,
Ngrasuka agama Islam,
Wit kula puniki yekti,
Ratuning Dang Hyang Jawi,
Momong marang anak putu,
Sagung kang para Nata,
Kang jurneneng Tanah Jawi,
Wus pinasthi sayekti kula pisahan.
- Klawan
Paduka sang Nata,
Wangsul maring sunya ruri,
Mung kula matur petungna,
Ing benjang sakpungkur mami,
Yen wus prapta kang wanci,
Jangkep gangsal atus tahun,
Wit ing dinten punika,
Kula gantos kang agami,
Gama Buda kula sebar tanah Jawa.
- Sinten
tan purun nganggeya,
Yekti kula rusak sami,
Sun sajekken putu kula,
Berkasakan rupi-rupi,
Dereng lega kang ati,
Yen durung lebur atempur,
Kula damel pratandha,
Pratandha tembayan mami,
Hardi Merapi yen wus njeblug mili lahar.
- Ngidul
ngilen purugira,
Ngganda banger ingkang warih,
Nggih punika medal kula,
Wus nyebar agama budi,
Merapi janji mami,
Anggereng jagad satuhu,
Karsanireng Jawata,
Sadaya gilir gumanti,
Boten kenging kalamunta kaowahan.
- Sanget-sangeting
sangsara,
Kang tuwuh ing tanah Jawi,
Sinengkalan tahunira,
Lawon Sapta Ngesthi Aji,
Upami nyabrang kali,
Prapteng tengah-tengahipun,
Kaline banjir bandhang,
Jerone ngelebne jalmi,
Kathah sirna manungsa prapteng pralaya.
- Bebaya
ingkang tumeka,
Warata sa Tanah Jawi,
Ginawe kang paring gesang,
Tan kenging dipun singgahi,
Wit ing donya puniki,
Wonten ing sakwasanipun,
Sedaya pra Jawata,
Kinarya amertandhani,
Jagad iki yekti ana kang akarya.
- Warna-warna
kang bebaya,
Angrusaken Tanah Jawi,
Sagung tiyang nambut karya,
Pamedal boten nyekapi,
Priyayi keh beranti,
Sudagar tuna sadarum,
Wong glidhik ora mingsra,
Wong tani ora nyukupi,
Pametune akeh sirna aneng wana.
- Bumi
ilang berkatira,
Ama kathah kang ndhatengi,
Kayu kathah ingkang ilang,
Cinolong dening sujanmi,
Pan risaknya nglangkungi,
Karana rebut rinebut,
Risak tataning janma,
Yen dalu grimis keh maling,
Yen rina-wa kathah tetiyang ambegal.
- Heru
hara sakeh janma,
Rebutan ngupaya bukti,
Tan ngetang anggering praja,
Tan tahan perihing ati,
Katungka praptaneki,
Pageblug ingkang linangkung,
Lelara ngambra-ambra,
Waradin saktanah Jawi,
Enjing sakit sorenya sampun pralaya,
- Kesandung
wohing pralaya,
Kaselak banjir ngemasi,
Udan barat salah mangsa,
Angin gung anggegirisi,
Kayu gung brasta sami,
Tinempuhing angin agung,
Kathah rebah amblasah,
Lepen-lepen samya banjir,
Lamun tinon pan kados samodra bena.
- Alun
minggah ing daratan,
Karya rusak tepis wiring,
Kang dumunung kering kanan,
Kajeng akeh ingkang keli,
Kang tumuwuh apinggir,
Samya kentir trusing laut,
Seia geng sami brasta,
Kabalebeg katut keli,
Gumalundhung gumludhug suwaranira.
- Hardi
agung-agung samya,
Huru-hara nggegirisi,
Gumleger suwaranira,
Lahar wutah kanan kering,
Ambleber angelebi,
Nrajang wana lan desagung,
Manungsanya keh brasta,
Kebo sapi samya gusis,
Sirna gempang tan wonten mangga puliha.
- Lindu
ping pitu sedina,
Karya sisahing sujanmi,
Sitinipun samya nela,
Brekasakan kang ngelesi,
Anyeret sagung janmi,
Manungsa pating galuruh,
Kathah kang nandhang roga,
Warna-warna ingkang sakit,
Awis waras akeh kang prapteng pralaya.”
- Sabda
Palon nulya mukswa,
Sakedhap boten kaeksi,
Wangsul ing jaman limunan,
Langkung ngungun Sri Bupati,
Njegreg tan bisa angling,
Ing manah langkung gegetun,
Keduwung lepatira,
Mupus karsaning Dewadi,
Kodrat iku sayekti tan kena owah.